Kamis, 10 Juli 2014

Legenda Nyai Brintik

Nyai Brintik

Ana wanita sing mapan ana gunung ing wewengkon Semarang. Wanita mau rupane ayu, sekti mandraguna, rambute brintik mula papan mau banjur katelah Gunung Brintik. Gunung mau gawat kaliwat-liwat, prasasat ora ana sing wani ngambah. Mula wit-witane gedhe-gedhe ngrembuyung nambahi singub. Dene wanita sing mapan ing gunung mau dening wong-wong sakiwa tengena papan mau ngarani kanthi sebutan Nyai Brintuk. Kasektene Nyai Brintik mau warisan saka patih Danureja saka Kraton Wengker. Patih Danureja nate tapa ana ing guwa sing ana ing Gunung Brintik nganti seda. Satemene anggone marisi ora sengaja, jalaran Nyai Brintik namung nemokake buku sacedhake papan kanggo tapa mau. Kanthi nyinauni buku mau Nyai Brintik nambah kesaktiane.

Sanajan wis sekti Nyai Brintik ora duwe rasa marem, dheweke isih kepengen nambah kesaktiane kanthi ngumpulake maneka ousaka kraton, kadang kala kanthi nyolong jupuk, ngrampok, lan tumindhak wengis liyane. Pakerti mangkono iku sing nyebabake wong-wong padha wedi. Sawijining wektu Kraton Demak lagi nganakake jamasan pusaka kraton soing dipandhegani dening Sunan Kalijaga. Nanging, wektu iku Sunan Kalijaga ora bisa rawuh mula sing mandhegani Sunan Muria. Pusaka sing dijamasi yaiku Keris Sangkelat lan Keris Pasupati sing kawentar ampuhe. Kaya upacara adat kraton liyane akeh kawula sing padha teka, kalebu Nyai Brintik. Amung sakedhepan Nyai Brintik mencolot lan ngrebut keris loro banjur mencolot kaya thathit ilang saknalika.

            Sang nata banjur utusan senopati nguyak Nyai Brinti. Anggone nguyak tumuju menyang Semarang. Tumeka dalan senopati diwenehi weruh menawa sing nggawa keris kraton iku Nyai Brintik saka Gunung Brintik. Nyai Brintik seneng atine bisa nyolong pusaka ampuh loro cacahe. Pusaka banjur kasimpen ing guwa, sawise metujebul prajurit Demak wis ngepung guwa mau. Tanpa rembug dawa kekarone dadi perang rame, emane senopati kasebut kalah sekti.

Ora wetara suwe ana pawongan sing mrabawani.”Heh Nyai Brintik, yen kepingin selamet balikna keris mau.” Krungu diprentah Nyai Brintik saya tambah muntab karo nendhang pawongan mau. Pawongan mau malah meneng semedi nganti bola-bali anggone nendhang pranyata sing ditendhang wis ganti wujud wit gedhe. Suwe-suwe Nyai Brintik ora duwe kekuwatan. “Satemene kowe ki sapa?” karo sajak lemes tanpa daya. “Mangertia aku iki Sunan Kalijaga, kowe dadi wong sekti aja takabur, aja dumeh kuwat, nanging kowe saiki ora duwe daya. Mangertia sanajan kowe sekti, nanging isih ana sing ngungkuli kasektenmu. Wis tekan titi mangsane kowe kudu dadi wong sing andhap asor aja mburu menangmu dhewe. “Nyai Brintik saknalika banjur sungkem banjue mbalekake keris loro. Wiwit kadadean iku, Nyai Brintik dadi muride Sunan Kalijaga, ora mung pinter uga salehah lan seneng tetulung marang sapadha-padha. Sawise mati, Nyai Brintik dikubur ana ing Gunung Brintik sacedhake Bergota.


Kapethik saka Cerita Rakyat dari Semarang, dening S. Suhariyanto

1 komentar:

  1. admin...punapa panjenengan mangertos panggenan guwa petilasanipun Nyai Brintik, ugi pesareyanipun suwargi Nyai Brintik?

    BalasHapus