Sabtu, 12 Juli 2014

Gladhen soal kelas VIII

UJI KOMPETENSI SEKOLAH MENENGAH PERTAMA
TAHUN PELAJARAN  2013/2014

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa                                                 No. Absen       :
Kelas                           : VIII                                                   Hari/Tanggal   :
Nama                           :                                                           Waktu             :
 


PETUNJUK UMUM:
1.      Tulislah nama dan nomor tes pada lembar jawaban!
2.      Bacalah dengan teliti dan kerjakan semua soal pada lembar jawaban!
3.      Kerjakan lebih dahulu soal-soal dianggap mudah!
Wangsulana kanthi leres pitakonan-pitakonan ing ngandhap menika kanthi nyukani tandha ping (X) ing  aksara a,b,c, utawa d!
1.      Waosan kangge pitakenan nomor 1-3

Legenda Sam Poo kong
Udakara 700 abad kepungkur wonten tiyang ingkang nganut agami islam namanipun Sam poo Thay Kam. Panjenenganipun wasis ing bidang basa lan agama. Sam poo thay kam menika salah satunggaling prajurit kerajaan kang dipunangkat kaliyan Raja Yang Ong dados salah satunggaling Raja ingkang pikantuk gelar Laksamana Cheng Ho. Laksamana Cheng Ho dipunangkat amarga panjenengane bisa nglawan Raja Gajah Putih ingkang kepingin anduweni Cap Giok Mi Touw kagungane Kerajaan Beijing Cina Selatan.
Nalikane bubar  nglawan Raja Gajah putih ingkang nyolong Cap Giok Mi Touw,  kapal kang dipuntitih Laksamana Cheng Ho lan bregadanipun risak ing pelabuhan mangkang Semarang. Salah satunggaling prajurit mbangun papan kangge ngaso. Saking wujudipun papan kalawu kados klentheng mula dipunginakake tiyang Cina ngibadah ngantos sakmenika. Klentheng kala wau dipunwastani Sam Poo Kong saking  Sam Poo Thay Kam nama alitipun Laksamana Cheng Ho.
1.      Ukara ing ngandap ingkang jumbuh kaliyan waosan ing nginggil inggih menika ....
a.       Rajah Gajah Putih nglawan Laksamana Cheng Ho
b.      Cap Giok Mi touw gadhahanipun Rajah Gajah Putih
c.       Sam Poo Thay Kam menika nama aslunipun Raja Gajah Putih
d.      Raja Gajah Putih menika prajuritipun Laksamana Cheng Ho

2.      Sam Poo Thay Kam menika nama aslinipun.....
a.       Raja Gajah Putih
b.      Raja Kerajaan Beijing Cina
c.       Laksamana Cheng Ho
d.      Raja Yang Ong
3.      Laksamana Cheng Ho dipunangkat dados salah satunggaling raja amargi  . . .
a.       saged nglawan Raja Yang Ong
b.      saged nglawan Sam Poo Thay Kam
c.       saged nglawan Cap Giok Mi Touw
d.      saged nglawan Raja Gajah Putih
LELAYU
Sampun katimbalan kanthi tentrem ing pangayupanipun Gusti :
SUWARSI
(1 Januari 1942-24 Desember 2008)

Kasarekaken ing pracimalaya, Surabaya, tanggal 25 Desember 2008.
Mugi arwahipun tinampi saha pinaringan panggenan ingkang sae, ingaksami sedaya kalepatanipun.

Ingkang nandhang sangkawa :
Sukir Guntoro
Wonosari Kidul no. 567
Surabaya
 
 








4.      Miturut pawarta ing nginggil, pinten yuswonipun ingkang seda . . .
a.       64 taun
b.      65 taun
c.       66 taun
d.      67 taun
5.      Ukara ingkah jumbuh kaliyan pawarta ing nginggil inggih menika . . .
a.       Suwarsi ingkang katimbalan ing pangayupaning Gusti
b.      Sukir Guntoro ingkang katimbalan pangayupaning Gusti
c.       Suwarsi ingkang nandhang sangkawa
d.      Suwarsi lan sukir Guntoro ingkang katimbalan ing pangayupaning Gusti
Kangge pitakenan nomor 24-26
Asmaradana
Laras slendro patet sanga miring
Aja turu sore kaki
Ana Dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandhang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima
6.      Menapa guru wilangan, lan guru lagu tembang asmaradana ing nginggil . . .
a.       8i, 8a, 8e,8a,7a,8u,8a
b.      8i,8a,8e,7a,8a,8a,8a
c.       8a,8a,8e,8a,7a,8a,8u
d.      8a,8e,8i,8a,7a,8a,7a
7.      Pitutur menapa saking tembang asmaradana ing nginggil . . .
a.       Aja padha turu sore amarga ora bakal oleh sandhang pangan
b.      Aja padha turu sore amarga oleh kasabaran sandhang pangan
c.       Aja padha ngewohi kanca anggone nggolek sandhang pangan
d.      Aja padha ngewohi turu anggone golek sandhang pangan

8.      (1) Ani kesah sekolah jam 7 esuk
(2) Ibu Lurah  Tindak Peken
(3) Bapak kaliyan Adi nitih kereta
(4) Bapak kaliyan Ibu nitih kereta
Ukara ing nginggil menika, ingkang leres inggih menika . . . .
a.       (1), (2), (3)
b.      (2), (3), (4)
c.       (1), (2), (4)
d.      (1), (3), (4)
Pacelathon  kangge soal nomer 9
Rini               : “Bu kangkung setunggal unting pintenan nggih bu?”
Bu Tuti          : “kangkunge sakunting sewu limang atus Mb Rini.”
Rini               : “….....................?” (9)
Bu Tuti          : “Bayeme luwih larang mb, sakuntinge rong ewu.”
Rini               : “Wah, la sakniki sampun mundak sedaya nggih bu, boten wonten ingkang mirah nggih bu, badhe blanja mawon kok bingung.
Bu Tuti          : “Nggih mb, lha saking Bu Nur kulakane ya semana kok mb. La siose ngersake napa mb?”
Rini               : “Bayem mawon bu kaliyan tempe setunggal, wau sampun diaturi kaliyan Bu Ajeng masak bayem kemawon kok bu.”
Bu Tuti          : “yawis mb iki, dadine patang ewu mb.”akenan
9.      Ukara panyaruwenipun Rini ingkang leres miturut waosan ing nginggil inggih menika . . . .
a.       “Bayeme pinten Bu?”
b.      “Bayemipun pinten Bu?”
c.       “Bayemipun pira Bu?”
d.      “Bayemipun pira Bu?”


Cupu Manik Asthagina
Nalika Dewi Anjani dipunparingi pusaka cupu manik astagina dening ibunipun, Raden Guwarsa kaliyan Guwarsi (rayinipun) mirsani pusaka kasebut. Kahanan menika ndadosaken Guwarsa lan Guwarsi meri dhateng mbakyunipun. Lajeng ramanipun dipuntundhung minangka tiyang sepuh ingkang emban cinde emban ciladhan. Tegesipun minangka tiyang sepuh ingkang boten adhil dhateng putra-putranipun. Senajan ramanipun sampun ndhawuhi supados pusaka  menika dipunsirnakaken, nanging Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi kukuh kepingin kagungan pusaka menika. Amargi boten mirengaken dhawuhipun kang rama, wekasanipun Dewi Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi dados manungsa kang sirahipun awujud kethek.
10.  Ukara ing ngandap menika ingkang jumbuh kaliyan waosan ing nginggil inggih menika . . .
a.       Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi menika kakang adhi
b.      Dewi Anjani menika ibune Guwarsa lan Guwarsi
c.       Guwarsa lan Guwarsi tiyang sepuhipun Anjani
d.      Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi boten gadhah tiyang sepuh

11.  Guwarsa lan Guwarsi meri dhateng Dewi Anjani, amargi ...
a.       Rupanipun dados kethek
b.      Boten dipunparingi pusaka dening tiyang sepuhipun
c.       Boten adhil marang rayi-rayinipun
d.      Boten pikantuk ningali pusakanipun
12.  Saking waosan ing nginggil, saged dipun-mangertosi menawi...
a.       Putra ingkang boten manut marang tiyang sepuh bakal cilaka
b.      Putra ingkang manut marang tiyang sepuh bakal cilaka
c.       Tiyang sepuh kedah ndukani marang putranipun
d.      Putra kedah wantun kaliyan tiyang sepuh ingkang boten adhil

13.  Eyang        : “wis mangan durung Ru??”
Rudi          : “Sampun eyang,  . . . . . . . . . . . . . .  . . . . . . . .?”
Jangkepane wangsulane Rudi inggih menika . . .
a.       eyang piyambak sampun nedha dereng?
b.      eyang piyambak sampun maem dereng?
c.       eyang piyambak sampun dahar dereng?
d.      eyang piyambak sampun mangan dereng?

14.  ꧎ꦑꦊꦄꦿ . . . . . .ꦄꦺꦁꦽꦚꦻ ꧌
Tembung kang jumbuh kangge ngisi cecek ing nginggil inggih menika . ...
a.       ꦆꦶꦁꦙꦄꦿ
b.      ꦺꦄꦇꦾ
c.       ꦉꦸꦎ
d.      ꦑꦸꦋꦉꦿ

15.  Pak Harto tindak menyang Solo.
Menawi katulis ngangge aksara Jawa dados . . .
a.       ꧎ꦊꦄꦔꦽꦺꦆꦻꦆꦶꦁꦙꦄꦣꦷꦎꦼꦺꦇꦻꦺꦉꦻ꧌
b.      ꧎ꦊꦄꦔꦺꦃꦚꦻꦆꦶꦁꦙꦄꦣꦷꦎꦼꦺꦇꦻꦺꦉꦻ꧌
c.       ꧎ꦊꦄꦀꦽꦺꦆꦻꦺꦏꦻꦆꦶꦁꦙꦄꦺꦇꦻꦺꦉꦻ꧌
d.      ꧎ꦊꦄꦔꦽꦆꦆꦶꦁꦙꦄꦏꦣꦷꦎꦼꦺꦇꦻꦺꦉꦻ꧌
16.        Ibu       : “Nduk, gelem nukoake beras?”
Ulfa     : “Inggih Bu, . . . .(1).tumbasipun wonten pundi Bu?”
Ibu       : “Ning warunge Bu siti ya.”
Ulfa     : “Badhe tumbas. . . . (2) Bu?”
Ibu       : “Sekilo wae ya nduk.”
Tembung ingkang jumbuh kanggenjangkepi ukara pacelathon ing nginggil inggih menika . . .
a.       gelem, piro
b.      purun, pinten
c.       gelem, pinten
d.      purun, piro
17.   Pak  Joko tuku obat kanggo anakke sing lagi lara.
Tembung ingkang kacithak miring ing nginggil menika lepat, supados dados ukara ingkang trep ingkang leres inggih menika . . .
a.       Nuku
b.      Ditukokake
c.       Nukokake
d.      Daktukokake



18.  Sanding Kebo gupak
Panyeratan ingkang leres paribasan ing dhuwr inggih menika . . . .
a.       sandhing kebo gupak
b.      sanding kebo gupak
c.       sandhing kebo gupag
d.      sanding kebo gupag
19.   
Wara-Wara
Katur dhumateng bapak-bapak warga Dusun Rawawetan. Kasuwun mangke tabuh 08.00 kempal wonten ing plataran pendhapa. Saperlu kerja bakti nyamektakaken papan kagem adicara wayang kulit. Amargi adicara wayang kulit badhe dipunwontenaken mangke ndalu tabuh 21.00.
Mekaten pengumuman menika. Mugi ndadosaken kawigatosanipun, matur nuwun.

Wosipun pengumuman kalawau inggih menika … .
a.       kerja bakti nyamektakaken papan pagelaran wayang kulit
b.      kempalan wonten ing plataran pendhapa
c.       kempalan nyamektakaken papan pagelaran wayang kulit
d.      kerja bakti lan kempalan wonten ing pendhapa

20.  Dinten senin, pak joko kesah dhateng kelurahan Kadempel kangge ngurusi akta kelahiran putranipun Abdul Khalim.
Miturut EYD, panyeratan ingkang leres ukara ing nginggil inggih menika . . . .
a.       Dinten Senin, Pak Joko kesah dhateng kelurahan kadempel kangge ngurusi akta kelahiran putranipun Abdul Khalim.
b.      Dinten Senin, Pak Joko kesah dhateng Kelurahan Kadempel kangge ngurusi akta kelahiran putranipun Abdul Khalim.
c.       Dinten senin, Pak Joko kesah dhateng Kelurahan Kadempel kangge ngurusi akta kelahiran putranipun Abdul Khalim.
d.      Dinten Senin, Pak Joko kesah dhateng Kelurahan kadempel kangge ngurusi akta kelahiran putranipun Abdul Khalim.

Arep Jamure Emoh Watange
Adi kepengen biji ulangan nasionale apik, nanging dheweke wegah sinau. Nalika kanca-kancane padha sinau dheweke ora tau sinau namung njagake kunci jawaban. Ing wayahe Ujian jebul apa sing karepke Adi kelakon, dheweke oleh kunci jawaban. Dheweke gancar anggone nggarap Ujian, tanpa mikir dhewe sawetara kuwi kanca-kancane  padha nggarap dhewe lan kangelan  mikir. Ing dina pengumuman Adi kendel banget, dheweke  dheweke mesthi lulus.  Nanging kanyatane ora padha karo apa kang dipikirke Adi, jebul dheweke ora lulus merga kunci jawaban sing dijagake Adi salah. Ing perkara mau Adi kaya paribasan Arep jamur emoh watange.

21.  Saka wacan ing dhuwur, arane paribasan arep jamur emoh watange yaiku . . . .
a.       Gelem penake ora gelem rekasane
b.      Gelem penake iya  gelem rekasane
c.       Senengane nyusahake wong liya
d.      Ora seneng nyusahake wong liya

22.  Bapak badhe nyuwun tulung kaliyan Adi, supados mendhetaken gambar wayang ing meja. Ukara kang leres kangge njangkepi pacelathon miturut ing ngandap inggih menika.

Bapak        : “.......... .”
Adi            : “Inggih pak.”
a.       “Di, bapak nyuwun tulung pendhetaken gambar wayang ing meja menika nang!”
b.      “Di, bapak nyuwun tulung pundhutaken gambar wayang ing meja menika nang.”
c.       “Di, bapak nyuwun tulung jupakake gambar wayang ing meja menika nang.”
d.      “DI, bapak nyuwun tulung jupukake gambar wayang ing meja menika nang!”

23.  Bukunipun sampun kula ...... wonten mejanipun Bapak Hardyanto.
Wangsulana ceceg-ceceg ing dhuwur kanthi basa ingkang treb miturut unggah-ungguh basa!
a.       Paringaken
b.      Kempalaken
c.       Sukakaken
d.      Selehaken
24.  Bapak dhahar bakso, dene adik............mie ayam. Sakmenika bapak kaliyan adik wonten warungipun Pak Kumis.
Tembung kang treb kanggo  ukara ing dhuwur yaiku..
a.       Dhahar
b.      Ngunjuk
c.       Maem
d.      Mangan
25.  Pitikke-dipateni-dening-Banu-lan-Bapak-supaya ora nulari-pitik-liyane
Miturut tembung-tembung ing nginggil, ukara ing ngandhap menika leres, kajaba...
a.       Pitikke dening bapak lan banu dipateni supaya ora nulari putik liyane
b.      Pitikke supaya ora nulari pitik liyane dipateni dening Banu lan Bapak
c.       Pitikke dipateni dening Banu lan Bapak supaya ora nulari pitik liyane

d.      Pitikke Banu lan Bapak dipateni dening supaya ora nulari pitik liyane

2 komentar:

  1. Semerep Bu Hesti didukani loh mba (Bani) Hahaha piiss.. :p

    BalasHapus
  2. Best Soccer Betting Sites in 2021 - Sporting 100
    Sporting 100 has been the most comprehensive trex titanium headphones in sports betting since 2000. Today's market is titanium teeth k9 in full swing thinkpad x1 titanium with over a 스포츠 토토 사이트 billion customers. Discover titanium hair all the markets that 🎁 Bet UK: TV & Novelty Markets💸 Min Deposit: £5🏆 Best Bookmaker: Ladbrokes📆 Best Live Betting Site: Bwin

    BalasHapus