Sugeng
dalu para pamirsa, sugeng pepanggihan malih kaliyan giyaran pawarta basa Jawi
lumantar RRI Semarang, tabuh 21.00W WIIK dinten Setu pahing Surya kaping 31
Maret 2007. Pinanggih malih kaliyan kula Pernama Suhadi ingkang badhe
ngaturaken pawarta wonten ing pepanggihan punika.
Bale konservasi Peninggalan Candhi
Borobudur manggihaken wonten 33 peranganipun candi kasebat ingkang wiwit
mlethek-mlethek. Arkeolog Bale Konservasi, M.Taufiq, ngendikaken perangan
ingkang mlethek punika wonten ingkang sampun dangu, nanging ugi wonten ingkang
nembe mawon mlethek. Saking asiling panilitian petugas bale konservasi,
perangan ingkang mlethek-mlethek kasebat dereng ngantos tataran nguwatosi aeit
ambanipun saweg sarikma. Ewaementen Taufiq sakadang dereng saged nemtokaken
plethekan-plethekan kasebat namung winates wonten ing jawi utawi sampun mrambat
dumugi ing lebet. Panjenenganipun ngajab supados plethekan kasebat boten
njalari Candhi Borobudur dados bengkah.
Taufiq nginten menawi
plethekan-plethekan kalawau dipunakibataken saking tekanan statis ingkang boten
rata.wondene faktor alami tuwin kathahipun pengunjung sanes ingkang dados
jalaranipun. Kangge ngawekani supados boten ngambra-ambra, bale Konservasi
lajeng nginjeksi perangan-perangan sela ingkang mlethek ngangge lem kecampur
kaliyan lem sela. Kajawi punika perangan tembok ingkang mletehk ugi dipunganjel
mawi sela. Warsa 2006 kepengker bale konservasi sampun nginjeksi 23 perangan
Candhi ingkang mlethek. Ancasipun amrih tetilaranipun sejarah ingkang kalebet salah
satunggaling keajaiban donya kasebat boten kebacut risak.
Mekaten pawartos ingkang kula
andharaken. Sugeng dalu sugeng pepisahan ngantos pinanggih malih wpnten giyaran
candhakipun.
Nuwun
0 komentar:
Posting Komentar