Sabtu, 12 Juli 2014

Pawarta Pesawat Fokker

Pesawat Fokker F-27 Ijek Patut Mabur
Kamis, 21 Juni 2012 21:17 WIB | 2438 Views


Pesawat Fokker F-27 Skuadron Udara 2 TNI AU tiba ning kompleks perumahan Halim Perdanakusuma, Jakarta, Kamis (21/6). (FOTO ANTARA/M Agung Rajasa)
Jakarta (ANTARA News) - Wakil Kepala Staf TNI AU, Marsekal Madya TNI Dede Rusamsi, ngandharake pesawat Fokker F-27 Skuadron Udara 2 TNI-AU sing tiba ning Halim Perdanakusuma Jakarta, jam 14.45 WIB, Kamis, ijeh patut mabur lan wes nglakoni perawatan saben dinane sesuai jadwal.



"Pesawat sing tiba wis nglakoni perawatan sesuai jadwal lan wes dipriksa pungkasan tanggal 1-15 Juni,” ature Rusamsi dening pers ning griyane Wakil Presiden, Boediono, ing Jalan Diponegoro, Jakarta Kamis bengi.

Rawuh uga ing pertemuan pers Menteri Pertahanan, Purnomo Yusgiantoro, lan Panglima TNI, Laksamana TNI Agus Suhartono. 

Kahanan kelayakan mesin uga dibiji ijek apik banget layak dioprasike, udakara 9.200 jam oprasi.perawatan pirang-pirang tahap, saka A check, B check, C check, D check, danoverhaul. Sakabehane nduweni tata urutan sing apik lan bener.

Sanajan prosedure wis apik lan bener wis trep kabeh tetep ana keterbatasan sing ngalangi antarane yaikumasalah ngenani pendanaan, amarga suku cadang pesawat terbang militer kudu diganti, nanging orak bisa lan orak intuk nganggo cara kanibalisasi. 

Kronologi kedadean miturut dheweke. Fokker F-27 nomor registrasi A-2708, kemis tiba ning Jalan Branjangan I, kompleks Rajawali. Pangkalan Udara Utama TNI AU Halim Perdanakusuma.

Pesawat kesebut dipiloti Mayor Penerbang Heri Setyawan, Lettu Penerbang Paulus, lan Letda Penerbang Sahroni sarta Kapten teknik Agus Supriadu, Serma Simulanto, Serka Wahyudi lan Sertu Purwo.


Pas wektu kecelakaan, enem kru tewas ning panggon iki, lan siji kru ijek kritis. “Nanging jam 18.20 WIB korban kritis Lettu Penerbang Paulus seda, tilar donya  wonten ing rumah sakit TNI-AU Halim” .ngendikanipun.

Pesawat lepas landas saka pangkalan udara iku jam 13.10 WIB kanggo nglakokake latian profesiensi kopilot lan orak nggawa pengikut kajaba personel TNI-AU. Mayor Penerbang Heri Setiawan sing kualitase apik pemandu penerbangan mimpin misi latianm profesional penerbangan iku.

Disawang saka pengikut-pengikute, ana seorang perwira korps teknik lan bintara teknik kajaba ketelu-telune penerbang. Dasar saka openane pesawat terbang kuwi, F-27 A-2708 lagek wae ninggalake penggonan sing dianggo ngopeni lan perwatan.

F-27 kuwi tiba lan ngambruki 8 omah warga ning kompleks Rajawali kuwi. Akibate, telu warga setempat tewas, yaiku Brian, Nafin lan salah sijine pembantu. Sawetara ana wong siji (Martina) kahanane kritis, luka parah.
"Penyebab tibane pesawt ijek dalam penyelidikan Tim TNI-AU. Diandharake menawa pesawat iki ijek layak dioperasike lan isuke pesawat iki ijek kanggo latian.” Ature.
Pesawat Fokker 27 gawean pabrikan Fokker  mesin 2 EA Rolls Royce Dart MK 536-7R jarak sayap 18 meter, dawane awak 15.154 meter, dhuwur  6,61 meter, nduwe abot maksimum 7.450 kilogram. F-27 bisa ngangkut 40 wong, lan bisa mabur suwene enem jam.
(A025/Z002) 

0 komentar:

Posting Komentar