Jumat, 11 Juli 2014

Cerkak Ora Mung Sepisan

ORA MUNG SEPISAN
Dening : Aida Nurjanah

Imah  bocah wadon sing eseme nyenengake ati, pawakane dhuwur singset, pokoe ayu tenan akeh bocah lanang sing senengane godhani dheweke. Nanging dheweke ora tau nggubris amarga dheweke kuwi anake pak kyai, bocah-bocah sing nggodhani dheweke yo apik-apik unine..
“Assalamu’alaikum mb Imah.. badhe tindhak pundi?” takone bocah-bocah lanang.
“Wa’alaikumsalam, arep menyang omahe budhe, wonten perlu napa nggih?” jawabe Imah kanthi alus banget.
“Ohh, boten wonten perlu napa-napa kok, mangga dipunlajengaken lampahipun, atos-atos nggih” jawabe bocah-bocah lanang mau.
“Nggih mas, matursuwun, mangga” walese Imah karo mesem bungahke ati sing nyawang.

Godhong-godhong wit padha tetiba katirak angin, udara kecampur bledhuk ngiringi lakune Imah menyang omahe budhene sing ora adoh saka omahe Imah.  Banjur wes tekan omahe budhene, Imah  karo budhene padha omongan, akeh banget sing diomongake termasuk kabar bapak ibu lan mbakyu-mbakyune Imah. Udakara 2 jam ning kana, Imah di telpon Bu Siti yaiku ibune sing isine Imah dikongkon balik. Banjur Imah balik lan terus pamitan.

Jebule ning omah, Imah wes ditunggu karo kancane wadon, irna jenenge. Irna kuwi kanca smpne Imah biyen.
“Pye Ir kabare? Suwe wis ora ketemu yoo?” pitakone Imah sing sepisan
“Apik Mah kabarku, lha kwe dhewe pie?  Koq tambah ayu wae , hehehe ” jawabe Irna takon meneh  lan ngelem Imah.
udakara ngunu kuwi mau pacelathone wong loro, Irna duwe ide kepriye yen ngadakake jalan-jalan karo kanca-kanca smp kabeh utawa reuninan. Imah ngiyani, setuju aring idene Irna kuwi...

Banjur, acara kuwi bakal dianakake 3 minggu meneh, Irna lan Imah ngei kabar kabeh kanca-kanca smpne, tanggepane kancane yo padha setuju, padha gelem. 3 dina sawise Irna rerembugan karo Imah, kanca-kanca kalebu Imah lan Irna rembugan meneh kanggo nentukake panggon lan wektune, banjur ana sing usul kepriye yen panggonanne ning pemancingan, mancing dhewe, masak dhewe lan dipangan bareng”. Kanca-kanca ana sing setuju ana uga sing orak setuju. Wektu ijek do bahas masalah panggonane kuwi, Imah meneng klakep nek ngerti panggonane ning pemancingan. Kanca-kanca pada gumun kenapa Imah kyak kuuwi, banjur Doni  kancane lanang takok,
“Kowe kenapa Mah? Kok meneng cep?” takoke Doni
Ning kana, Imah jek meneg durung bisa jawab, kira-kira 1 menit Imah nembe jawab.
“Ngapurane kanca-kanca kabeh, nek pancen panggonane ning pemancingan jujur aku ora bisa melu.” Jawabe Imah
“lha kenapa Mah? Koq ngunu?” takoke kanca liyane.
“Aku trauma karo sing jenege kali, segara, tambak apa apa waelah sing sakjenise kuwi” jawabe Imah karo pikirane cabang-cabang akeh.
“lho...h kok isa ngunu Mah? Emange kenang apa?” Saute kanca liyane meneh.
Kanca-kanca banjur bingung banget, amargane kanca-kanca wis akeh sing setuju menawa panggonane ning pemancingan, panggonane enak, adem, panganane yo gampang dipilih rasa bebarengan ya isa metu ning kana. Nanging kepriye yen Imah rak melu kok ya orak penak...
Imah ya padha wae bingung, iki ameh kepriye dheweke.
“Lha ngapa tho Mah? Rak isa dipeksa sithik traumamu kui Mah?” eyelane kanca-kancane Imah.
“orak yo..aku orak bisa tenan!” jawabe Imah..
“Lha kenapa tho Mah? Ayo crita marang kanca-kanca kabeh” peksane kanca-kancane Imah.
Imah orak duwe pilihan liya, akhire Imah crita marang kanca-kancane.
“Ndekbiyen, wektu aku cilik aku arep nusul bapakku ning sawah, dalane sawahe kuwi nglewati jembatan sing saka pring 3 dijejer-jejer. Aku lunga karo mbakyuku lan ibukku. Pas meh tekan pinggir ujuk-ujuk wae aku kepleset terus kejebur ning kali kuwi mau, aku sing iseh cilik orak ngerti apa-apa aku mung nangis karo ngundang-ngundang ibukku, sawise ibukku ngerti nek aku kejegur ning kali mau ibukku otomatis langsung melu jegur, nulungi aku. Sanajan aku wis mentas, aku ijek nangis amarga keweden banget atiku..

Kuwi sing sepisan, sing kaping lara, pas aku ning omahe budheku mburi omahe budheku kuiw ana segara sing asring akeh wong mancing, ning kana aku mung lunggah-lungguh karo nonton wong mancing, nanging delalah aku kok isa tiba meneh ning kali, padahl kuwi aku ya durung gedhe, ijek cilik. Banjur aku ditolongi karo bapak-bapak mancing mau. Kedadean lara kuwi mau wis cukup gawe aku wegah lunga marang kali, segara utawa tambak lan apalah sejenise kuwi. Nanging siji meneh kedadean aku kecegur kali, pas kuwi nembe wae udan deres, kali ning desaku kebak banyu. Kancaku padha dolanan ning pinggiring kali kuwi, bodhone aku kok ya melu-melu dolanan ning pinggiring kali mau. Sing dakpikirke lak ya kedadean tenan pisan meneh pengalamanku kecegur kali..

“Aduuh biyuung.....aku ki saksake salah apa? Kok ya ora mung sepisan kejegur ning kali. Mula saka kuwi kanca-kanca aku wis wegah mara sing jenenge ning kali lan sejenise. “
Saka crita kuwi mau kanca-kancane dadi ngerteni pangrasane Imah, banjur panggonan reuni diganti orak sida ning pemancingan. Diganti ning rumah makan byasa sing wis siap sedia mung garek mangan. Rapat reuninan wis bar, kabeh pada budhal balek.
“Imah ayu-ayu jebule kok cilike orak mung sepisan kejegur kali ya” amonge kancane Imah nggremengi Imah.
“Imah kan ya orak kepengin tho ngunu kuwi, kuwi kebenaran utawa takdir ya mung Allah sing ngerti.” Wislah aja ngrasani wong, sing penting kan apik kabeh.


0 komentar:

Posting Komentar