Sabtu, 12 Juli 2014

Naskah Drama Bahasa Jawa

Legenda Kelenteng Gedung Batu
(Sam Poo Kong)

Nalika jaman semanten, udakara 700 taun kepungkur wonten tiyang ingkang sipatipun sae, wicaksana tanggung jawab lan bagus praupane. Tiyang menika asmanipun Sam Poo Thay Kam ingkang lair wonten ing Khoen Jang, propinsi Hoen Lam Yunanni. Samp Po Thay Kam lair nalika pimpinan kerajaan Bing Tay Tjouw. wilayah kraton cina selatan, wonten satunggaling kluwarga ingkang nganut agami islam. Keluarga menika anggadhahi putra jeler ingkang namanipun Ma Huan, Ma Huan menika lare ingkang wasis. Tiyang sepuhipun Ma Huan ngadhahi kekarepan menawi putranipun besuk, dados tiyang ingkang pangkatipun inggil lan dipunkurmati.
Sepuluh taun wis kepungkur, Ma Huan ngabdi kaliyan Maharaja Yang Ong. sejatosipun Ma Huan anggadhahi keunggulan wonten ing bidang bahasa, piyambakipun saged pinten-pinten bahasa kalebu bahasa Cina temtunipun. Sanesipun, Ma Huan uga anggadhahi sipat-sipat sae, piyambakipun rajin, lan sanesipun. Saking menika lajeng Ma Huan dipudadosaken juru bahasa lan sekretaris kerajaan. Dheweke dipunkaryakaken kaliyan Laksamana Cheng Ho.
            Laksamana Cheng Ho inggih menika perwira angkatan laut ingkang wantun lan pengalamanipun kathah.  Pinten-pinten panjenenganipun sukses kanthi sae nglaksanakaken tugas kenegaraan
Wonten ing satunggaling dinten, Laksamana Cheng Ho dipuntimbali kaliyan  Maharaja Yang Ong.
Ibu Ma Huan   : “Ngger, awakmu saiki wis gedhe, pinter sekabehane apa maneh ana ing bab basa, lha karepmu saiki arep piye kanggo masa dhepanmu?”
Ma Huan         : “Nggih Bu, kula kepingin dados punapa kemawon wonten ing nagari Cina Selatan, kula kepingin ngabdi kaliyan nagari.”
Ibu Ma Huan   :”Yo wis, nek kaya ngunu, saiki awakmu ayo dak ter menyang nagari sowan kaliyan raja Yang Ong.”

Lajeng Ibu Ma Huan ngeterke Ma Huan sowan wonten ing nagari cina selatan, piyambakipun nggadhahi karep supados Ma Huan saged ngabdi wonten ing nagari punika.

Ibu Ma Huan   : “Kula aturaken sembah kula kaliyan padhuka raja Yang Ong, wonten ing mriki, kula badhe sowan kaliyan Raja supados saged nampi putra kula Ma Huan ngabdi wonten ing nagari punika.”
Raja Yang Ong            : “Sapa anakmu? Lan duwe kewasisan apa?”
Ma Huan         : “Kula Ma Huan Raja, kula anggadhahi kepinteran wonten ing babagan basa. Kula kepengin sanget ngabdi wonten ing nagari punika supados saged mbela nagari Cina Selatan.”
Raja Yang Ong            : “Ya ngger, Yen awakmu pancen kepengin ngabdi ana ing kene, kowe dak trima dadi sekretaris nagari.”
Ma Huan         : “Maturnuwun sanget padhuka raja, kula saestu badhe ngabdi wonten ing mriki.”
Raja Yang Ong            : “Iya, muga-muga kowe bisa ngemban apa sing mengkone bakal dak utusake kanggo kowe.”

Sasampunipun ageng, Ma Huan ngabdi kaliyan Maharaja Yang Ong. Ma Huan wasis ing bidang bahasa, dheweke nguwasani pinten-pinten bahasa kalebu Bahasa Cina temtunipun. Wonten ing kraton Ma Huan dados juru bahasa lan sekretaris. Ma Huan menika makarya kaliyan Laksamana Cheng Ho.
Wonten ing satunggaling dinten, Laksamana Cheng Ho dipuntimbali kaliyan Maharaja Yang Ong.

Maharaja        : “Laksamana Cheng Ho, ngerti ora apa panyebabe sampean tak dhawihu mrene?”
Laksamana      : “Agunging pangarsani Ingkang Mulia. Kula boten mangertos saestu, kula boten mangertos maksud panjenengan Ingkang Mulia.” (wangsulanipun Laksamana Cheng Ho kanthi swara gemeter)
Maharaja        : “Perlu sampeyan ngerteni yen cap ‘Giok Mi Touw’ sing dadi pusakaku ilang.”
Laksaman        : “Maksudipun Ingkang Mulia, dipuncolong tiyang sanes?” pitakenanipun Laksamana Cheng Ho boten sareh.
Maharaja        : “Ya bener, dicolong wong.”
Laksamana      : “Ingkang Mulia mangertos sinten tiyang menika?”
Maharaja        : “Miturut katrangan juru nasehat kraton sing jupuk cap ‘Giok Mi Tiouw’ yaiku Raja Gajah Putih saka kidul.”
Laksamana      : “Lajeng menapa ingkang kedhah kula lampahi, Ingkang Mulia?”
Maharaja        : “Golekana cap ‘Giok Mi Touw’ iku nganti ketemu.
Laksamana      : “Inggih Ingkang Mulia, badhe kula lampahi kanti sesae-saenipun.”
Maharaja        : “Iya maturnuwun, Ngajaka Ma Huan kanggo ngancani anggonmu perang.”
Laksamana Cheng Ho kaliyan bregodonipun lajeng budhal perang. Piyambakipun nggawa prajurit 27.800 lan 62 kapal. Seminggu suwene nglawan gansipun lautan Hindia, Laksamana Cheng Ho lan bregodonipun sampun dugi wonten kratonipun Raja gajah Putih . Ananging Raja Gajah Putih sampun mangertos menapa maksud Laksamana Cheng Ho, katingal saking persiapanipun Raja Gajah Putih ingkang sedaya prajuritipun bekta senjata ingkang jangkep ngentosi kerawuhanipun Laksamana Cheng Ho.

R. Gajah Putih : “Heee, Laksamana Cheng Ho ana apa kowe mrene?”
Laksamana      : “Apa panjenengan ora ngerti apa maksudku teka mrene?”
R. Gajah Putih : “Apa kowe meh jupuk maneh pusakamu cap ‘Giok Mi Touw’ rajamu kuwi?”
Laksamana      : “Ya, pancen iku tujuanku lan bregadaku mrene!!”
R. Gajah Putih : “Ora isa, apa kowe ora ndeleng kabeh prajurutku wis gawa senjata kabeh?”
Laksamana      : “aku ngerti, tapi apa panjalukmu supaya cap ‘Giok Mi Touw’ bisa tak gawa nyang kraton Maharaja Hyang Ong.”
Ing satengahing pacelathon kala wau, Ma Huan anggadhahi ide supados Cap Giok Mi Touw saged dibekta wangsul maleh,
Ma Huan         : “Laksamana, Kula anggadhahi panggalih kados pundi cap Giok saged kita bekta malih.”
Laksamana      : “kepriya carane Ma Huan??” pitakenanipun Laksamana Cheng Ho.
Ma Huan         : “Kula badhe adu diplomasi ngangge bahasa supados perang menika boten nginakaken senjata setunggal mawon.”
Laksaman        : “Apa kowe yakin Ma Huan?”
Ma Huan         : “Inggih Laksamana, menapa angsal lan menapa panjenengan sarujuk kaliyan rencana kula?”
Laksamana      : “Ya, aku percaya kowe. Bajutna perang iki Ma Huan!!”
Lajeng Ma Huan mengajeng ngadepi Raja Gajah Putih lan bregdanipun.
Ma Huan         : “Duhai Raja Gajah Putih ingkang kula kurmati, menapa panjenengan sampun ngraos kiat menawi sampun anggadhahi Cap Giok Mi Tiou ngginakaken cara ingkang boten terhormat manika?”
R. Gajah Putih : “Heeeeehh, bocah bayi? Sapa kowe wani-wanine ngomong kaya ngunu?”
Ma Huan         : “Raja Gajah putih menpa panjenengan ngertos sinten panguwasa ing negri menika? Namung wonten Allah ingkang nguwasani”
R. Gajah Putih : “Ya ngerti, apa urusane cap giok mi tiow iki karo panguwasa negri?”
Ma Huan         : “Lajeng menapa ancasipun panjenengan mundhut Cap Giok Menika Raja Gajah Putih?”
R. Gajah Putih : “Aku pengen kratonmu pecah belah, ben mung kratonku sing ngadek ing negri iki!”
Ma Huan         : “Allah maha adil Raja Gajah Putih, menapa ingkang menapa lampahi saged dipunwales ngluwihi menapa ingkang penjenengan lampahi, menapa penjenengan kepengin kraton penjengan brubah? Menawi boten wangsulaken Cap Giok Supados Allah tetep njagi kraton penjenengan kados panjenengan njagi Cap Giok menika?”
R. Gajah Putih mendel, panjenengane amikr-mikir menapa ingkang dipunaturaken Ma Huan kaliyan piyambiakipun panci leres.

R. Gajah Putih : “inggih Laksamana Cap Giokmu iki tak balekake nyang kratonmu, aku ora pengen kratonku brubah!!”
Laksaman        : “Inggih Raja Gajah Putih Cap Giok Menika kula pundhut lan kula bekta wangsul malih! Kula pamit .”

Banjur Laksamana Cheng Ho lan bregadanipun Kondur menyang kratonipun ing Cina selatan. Ananging ing satengahing lautan Hindia kapal ingkan dipuntumpani katerak dening ombak. Laksamana Cheng Ho, Ma Huan lan bregadanipun boten saged wangsul, terdampar ing satunggaling pulau Jawa tepatipun wonten ing Semarang.

Ma Huan         : “kadospundi menika Laksamana?” kita boten saged wangsul, perahu risak boten saged kita ginakaken malih.”
Laksamana      : “Iya Ma Huan, aku dhewe ya bingung!”
Nahkoda          : “Tuan, kula nyuwun pangapura ing sakathah-kathahipun, amargi kula      boten sged bekta kapal menika kanthi sae.”
Laksamana      : “ora dadi ngapa, kowe wes hlakokake gawean kanthi saapik-apikmu. Pancen iki wis takdira kaya ngene. Aku ora nyalahke kowe nahkoda.”
Nahkoda          : “Inggih Laksamana, ngapuntenipun lan matursuwun.”
Ma Huan         : “Laksamana, kula badhe mbangun mushola menapa angsal?”
Laksamana      : “Apa kuwi mushola Ma Huan?”
Ma Huan         : “Menika papan kangge istirahat lan kangge shalat kula Laksamana.
Laksamana      : “Ya Ma Huan, gawenen sing gedhe supaya kabeh isa leren nyang kana!” Hhe, Nahkoda lan sak bregadaku ewangana Ma Huan mbangun mushola! “
M lan N           : “ Inggih Laksamana.” Wangsulanipun Ma Huan lan Nahkoda sesarengan.

Ma Huan, Nahkoda lan bregada banjur mbangun masjid kangge papan istirahat nanging Ingkang sakmenika dados klenteng Gedung Batu utawi sam poo kong kangge sembahyang tiyang Cina amargi bangunanipun mushola kalawau bentukipun kados kelenteng. 




0 komentar:

Posting Komentar