Tampilkan postingan dengan label Pawarta. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Pawarta. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 12 Juli 2014

Pawarta Pesawat Fokker

Pesawat Fokker F-27 Ijek Patut Mabur
Kamis, 21 Juni 2012 21:17 WIB | 2438 Views


Pesawat Fokker F-27 Skuadron Udara 2 TNI AU tiba ning kompleks perumahan Halim Perdanakusuma, Jakarta, Kamis (21/6). (FOTO ANTARA/M Agung Rajasa)
Jakarta (ANTARA News) - Wakil Kepala Staf TNI AU, Marsekal Madya TNI Dede Rusamsi, ngandharake pesawat Fokker F-27 Skuadron Udara 2 TNI-AU sing tiba ning Halim Perdanakusuma Jakarta, jam 14.45 WIB, Kamis, ijeh patut mabur lan wes nglakoni perawatan saben dinane sesuai jadwal.



"Pesawat sing tiba wis nglakoni perawatan sesuai jadwal lan wes dipriksa pungkasan tanggal 1-15 Juni,” ature Rusamsi dening pers ning griyane Wakil Presiden, Boediono, ing Jalan Diponegoro, Jakarta Kamis bengi.

Rawuh uga ing pertemuan pers Menteri Pertahanan, Purnomo Yusgiantoro, lan Panglima TNI, Laksamana TNI Agus Suhartono. 

Kahanan kelayakan mesin uga dibiji ijek apik banget layak dioprasike, udakara 9.200 jam oprasi.perawatan pirang-pirang tahap, saka A check, B check, C check, D check, danoverhaul. Sakabehane nduweni tata urutan sing apik lan bener.

Sanajan prosedure wis apik lan bener wis trep kabeh tetep ana keterbatasan sing ngalangi antarane yaikumasalah ngenani pendanaan, amarga suku cadang pesawat terbang militer kudu diganti, nanging orak bisa lan orak intuk nganggo cara kanibalisasi. 

Kronologi kedadean miturut dheweke. Fokker F-27 nomor registrasi A-2708, kemis tiba ning Jalan Branjangan I, kompleks Rajawali. Pangkalan Udara Utama TNI AU Halim Perdanakusuma.

Pesawat kesebut dipiloti Mayor Penerbang Heri Setyawan, Lettu Penerbang Paulus, lan Letda Penerbang Sahroni sarta Kapten teknik Agus Supriadu, Serma Simulanto, Serka Wahyudi lan Sertu Purwo.


Pas wektu kecelakaan, enem kru tewas ning panggon iki, lan siji kru ijek kritis. “Nanging jam 18.20 WIB korban kritis Lettu Penerbang Paulus seda, tilar donya  wonten ing rumah sakit TNI-AU Halim” .ngendikanipun.

Pesawat lepas landas saka pangkalan udara iku jam 13.10 WIB kanggo nglakokake latian profesiensi kopilot lan orak nggawa pengikut kajaba personel TNI-AU. Mayor Penerbang Heri Setiawan sing kualitase apik pemandu penerbangan mimpin misi latianm profesional penerbangan iku.

Disawang saka pengikut-pengikute, ana seorang perwira korps teknik lan bintara teknik kajaba ketelu-telune penerbang. Dasar saka openane pesawat terbang kuwi, F-27 A-2708 lagek wae ninggalake penggonan sing dianggo ngopeni lan perwatan.

F-27 kuwi tiba lan ngambruki 8 omah warga ning kompleks Rajawali kuwi. Akibate, telu warga setempat tewas, yaiku Brian, Nafin lan salah sijine pembantu. Sawetara ana wong siji (Martina) kahanane kritis, luka parah.
"Penyebab tibane pesawt ijek dalam penyelidikan Tim TNI-AU. Diandharake menawa pesawat iki ijek layak dioperasike lan isuke pesawat iki ijek kanggo latian.” Ature.
Pesawat Fokker 27 gawean pabrikan Fokker  mesin 2 EA Rolls Royce Dart MK 536-7R jarak sayap 18 meter, dawane awak 15.154 meter, dhuwur  6,61 meter, nduwe abot maksimum 7.450 kilogram. F-27 bisa ngangkut 40 wong, lan bisa mabur suwene enem jam.
(A025/Z002) 

Kamis, 10 Juli 2014

Tuladha Pawarta

Para pamirsa,

Sugeng sonten, sugeng pepanggihan malih kaliyan giyaran pawarta basa Jawi lumantar TVRI Semarang. Wonten 9iing pepanggihan punika badhe kaaturaken pawarta ngengingi bab-bab ingkang wonten sesambatan kaliyan gesangipun pendhudhuk ingkang saged gesang mulya.
Para pamiarsa sutresna.

Boten dangu malih pamarintah kitha Semarang lumantar Dhinas Tenaga Kerja lan Transmigrasi badhe mbishalaken 20 kepala kulawarga calon transmigran tumuju dhateng tlatah Tenggarong, Kalimantan Timur. Program transmigrasi kasebat miturut pangarsa Dhinas Tenaga Kerja lan Transmigrasi kanthi ancas ngradinaken sumebaring pendhudhuk tundhonipun pembangunan saged lancar lan panggesangan warga masarakat saged mulya. Wonten ing papann ingkang enggal para transmigran badhe kabiyantu ubarampe panggesangan dangunipun 12 ngantos 18 wulan. Sejatosipun kangge ayuh gesang mulya. Pamarentah boten namung ugi kabudidaya kanthi cara sanes. Kados ta netepake UU No. 10 Warsa 1993 ngengingi pangrembakanipun pendhudhuk lan pambangunan kaluwarga ingkang sejahtera. Wonten undhang-undhang kasebat kaemot babagan kaluwarga Berencana kanthi pambudidaya ndhapuk Kaluwarga catur warga (Kaluwarga cacah sekawan). Mekaten pangendikanipun Pangarsa Dhinas Nekartrans.

Boten namung ndhapuk kaluwarga catur warga, pranyata program KB tebanipun sansaya wiyar. Antawasipun ndhiwasakaken umuripun warga ingkang nikah, ngatur cacahing putra, ndamel kaluwarga ingkang kukuh bakuh sataeamah dados kaluwarga alit ingkang bagya mulya.

Ing pungkasaning andharan pangarsa Dhinas Nakertrans ugi ngendikaken menawi transmigran lan program Kb nyata-nyata gadhah panjangka ingkang sami, inggih punika ndamael kaluwarga ingkang bagya mulya.


Pawarta salajengipun badhe dipunaturaken kadang kula, Irna Lestari, sumangga.

Tuladha Pawarta

Sugeng dalu para pamirsa, sugeng pepanggihan malih kaliyan giyaran pawarta basa Jawi lumantar RRI Semarang, tabuh 21.00W WIIK dinten Setu pahing Surya kaping 31 Maret 2007. Pinanggih malih kaliyan kula Pernama Suhadi ingkang badhe ngaturaken pawarta wonten ing pepanggihan punika.

            Bale konservasi Peninggalan Candhi Borobudur manggihaken wonten 33 peranganipun candi kasebat ingkang wiwit mlethek-mlethek. Arkeolog Bale Konservasi, M.Taufiq, ngendikaken perangan ingkang mlethek punika wonten ingkang sampun dangu, nanging ugi wonten ingkang nembe mawon mlethek. Saking asiling panilitian petugas bale konservasi, perangan ingkang mlethek-mlethek kasebat dereng ngantos tataran nguwatosi aeit ambanipun saweg sarikma. Ewaementen Taufiq sakadang dereng saged nemtokaken plethekan-plethekan kasebat namung winates wonten ing jawi utawi sampun mrambat dumugi ing lebet. Panjenenganipun ngajab supados plethekan kasebat boten njalari Candhi Borobudur dados bengkah.

            Taufiq nginten menawi plethekan-plethekan kalawau dipunakibataken saking tekanan statis ingkang boten rata.wondene faktor alami tuwin kathahipun pengunjung sanes ingkang dados jalaranipun. Kangge ngawekani supados boten ngambra-ambra, bale Konservasi lajeng nginjeksi perangan-perangan sela ingkang mlethek ngangge lem kecampur kaliyan lem sela. Kajawi punika perangan tembok ingkang mletehk ugi dipunganjel mawi sela. Warsa 2006 kepengker bale konservasi sampun nginjeksi 23 perangan Candhi ingkang mlethek. Ancasipun amrih tetilaranipun sejarah ingkang kalebet salah satunggaling keajaiban donya kasebat boten kebacut risak.

            Mekaten pawartos ingkang kula andharaken. Sugeng dalu sugeng pepisahan ngantos pinanggih malih wpnten giyaran candhakipun.

Nuwun