Tembung lali
Anggitane Pawit Mulyadi
(kapethik saka panjebar semangat no.53-31
Desember 2011)
Lali, pancen ora kelingan
Yen kelingan, mesthi bae ora lali
Sapa wonge kang takon ora bakal maido
Yen diwangsuli nganggo tembung iku
Paling amung dipaido amarga lali
Tembung siji iku pancen lagi peng-pengan
Ora amung wong cilik kang ngucapake,
Supaya ora disrengeni ndara utawa pangarsane
Punggawa uga lagi dhemen ngucapake,
Apameneh kang lagi kasangkut perkara gedhe
Tanpa isin ...
Tanpa wigih-wigih ...
Tanpa tedheng aling-aling ...
Entheng bae ngucapake tembung iku
Kamangka katon yen praupane dadi nyleneh,
Kaya ... ora tega ... ditulup
Nalika ngucap tembung iku
Lali aja diowahi dadi dielali utawa
dilali-lali
Yen kebacut dhemen ngucap tembung iku
Mengko mundhak dadi lalenan temenan
Temenan dadi mitrane kang ora klambenan
Mlaku ngunclug turut pecinan ...
0 komentar:
Posting Komentar