Sabtu, 12 Juli 2014

Naskah Drama Slendhang Asmara


ADEGAN 1
Setting : Kahyangan
Sinopsis          : para Widadari lagi padha lelangen, ngudarasa anggone pengin lelumban ing sendhang widadari.


( para hapsari lagi padha dolanan, sabanjure padha rerasan ing taman kahyangan)
( Dewi Kembarmayang dolanan dakon karo Dewi Surendra)
( Banjur Dewi Gagarmayang teka gawa dolanan monopoli)
Dewi Gagarmayang                : Kangmbok-kangmbok..iki lhoo..dolanan ki kaya mangkene iki, dolanan kok kaya mangkana, wis ketinggalan jaman.
Dewi Kembarmayang  lan Dewi Surendra sesarengan “dolanan apa tha yayi?
Dewi Gagarmayang                : Iki jenenge..Monopoli..dolanan kang asale saka njaba kahyangan, alias luar negeri
( Dewi Kembarmayang, Dewi Surendra, Dewi Gagarmayang padha miwiti dolanan monopoli)
( Dewi Permoni teka anggawa tablet)
Dewi Permoni                         : Heleh..paling kaya mangkana kuwi kok wis wani ngomong dolanan modern, iki lhoo..sawangen..dolanan kang modern, ora ketinggalan jaman kuwi iki..tablet..
Dewi Kembarmayang             : Waah..kok apik temen kaya mangkana kangmbok..bisa ditunyul-tunyul kaya mangkana
Dewi Permoni                         : Ya iya tha..
Dewi Gagarmayang                : Kene aku ngampil..
Dewi Permoni                         : Aja..aja..
( Dewi Permoni lan Dewi Gagarmayang rebutan tablet)
( Dewi Nawangsari teka)
Dewi Nawangsari                   : Adhi-adhiku..ngene ayo padha ngumpul
Adhi-adhiku kabeh, kepriye anggonmu nyambut gawe sedina iki?
Dewi Kembarmayang             : Kangmbok Dewi Nawangsari, aku lan adhi Nawangwulan antuk jejibahan ngreksa kaendahane taman kahyangan iki. Bisa kangmbok pirsani piyambak…Taman katon endah, asri, tetanduran awoh kanthi subur…lan kembang-kembang wus wancine mekar.
Dewi Nawangwulan               : Iya kangmbok. Apa sing diaturake kangmbok Dewi Kembarmayang iku bener. Taman kahyangan iki katon asri, apa maneh saiki wis diwangun luwih jangkep…dadi yen para dewa lan dewi kepengin mirsani papan kang endah ya ning taman kahyangan iki kangmbok.
Dewi Nawangsari                   : Apik.. ora nguciwani anggonmu sakloron nyambut gawe…banjur kepriye sliramu adhi Permoni lan Surendra?
Dewi Permoni                         : Aku lan adhi Surendra antuk jejibahan andum udan, kangmbok…udan ing mayapada wis tinata kanthi adil kangmbok…
Dewi Surendra                        : Kangmbok, udan kang temata gawe para tani ing mayapada katon bungah. Pari kang tinandur katon ijo royo, akeh who-wohan lan wit-wit ing donya bisa tuwuh kanthi apik, ndadekake ngarcapada saya endah kangmbok…
Dewi Nawangsari                   : Ayu tenan adhi-adhiku..ora nguciwani anggonmu padha nyambut gawe…banjur kepriye sliramu yayi Dewi Gagarmayang?
Dewi Gagarmayang                : Kaya dene kangmbok-kangmbok liyane, aku kajibah mandhegani pambeksani ing kahyangan supaya bisa gegladhen kanthi becik, kangmbok. Asile uga ora nguciwani, pranyata mau wis padha nari, ya apik-apik kabeh…
Dewi Nawangsari                   : Hmmm ( sinambi manthuk)..la banjur si sabukjanur ana ngendi?
Dewi Permoni                         : Halah kangmbok..bisaa ta si Sabukjanur mesthi ya dolan..gaweyane rak ya mung dolan thok..
Dewi Nawangwulan               : Hus, yayi Permoni..aja ngono..sapa ngerti..yayi Sabukjanur lagi mertinjo kahanane kahyangan kene…
Dewi Nawangsari                   : Uwis..uwis..Permoni ora kena ngomong kaya ngono. Sabukjanur iku isih cilik, dadi ya lumrah yen durung bisa nyambut gawe sing tenanan.
(ora let suwe, Dewi Sabukjanur teka kanthi nangis)
Dewi Nawangsari                   : Yayi Sabukjanur, ngapa kok nangis?
Dewi Sabukjanur                    : Aku bar didukani kanjeng rama kangmbok…
Dewi Permoni                         :La, kowe mesthi kakehan dolan ta? Mula didukani kanjeng rama? Ya ta?
Dewi Nawangwulan               : Aja ngono ta yayi Permoni..wis..wis..yayi Sabukjanur ngapa kok didukani rama?
Dewi Sabukjanur                    : Ngene lo kangmbok, aku rak didhawuhi rama nyepakake kitab-kitab sing bakal diasta rama. La aku malah asyik dolanan karo kanca-kanca widadari liyane banjur lali mbakyu. Aku didukani rama lan diukum kudu nunggoni sasana pustaka lan nyalin kitab sing wis meh rusak-rusak kae lo kangmbok.
Dewi Permoni                         : Sokur, mula aja kakeyan dolan wae..
Dewi Gagarmayang                : Wis ta Permoni, aja dipoyoki terus, mesakake. Yayi Sabukjanur aja nangis wae ya yayi…kangmbok Nawangsari…
Dewi Nawangsari                   : Ana apa yayi Gagarmayang?
Dewi Gagarmayang                : Kepriye awake dhewe kabeh padha dolan plesiran…idhep-idhep kanggo nglipur yayi Sabukjanur?
Dewi Nawangsari                   : Plesir menyang ngedi?
Dewi Surendra                        : Ing Mayapada ana papan endah awujud sendhang kang banyune kondhang bening, jenenge sendhang widadari..kepriye yen padha dolanan banyu mrana?
Dewi Kembarmayang             : Sarujuk aku, awake dhewe rak krasa lungkrah…supaya bali seger maneh, bisa padha adus ing sendhang kono…piye mbakyu Nawangsari?
Dewi Nawangsari                   : Ya wis, ning ora kena kesuwen merga wis sore iki…ayo budhal, aja kesuwen…

Adegan II
Setting                        : Alas
Sinopsis                      : Jaka Tarub lagi mburu kidang.

Jaka Tarub                   : Nembang
Jaka Tarub                   : Duh Gusti wis awan kaya ngene kok ora ana sijia kewan sing liwat, arep mangan apa mengko bengi iki Gusti. Iki mengko yen tekan  ngomah ora nggawa buron isa diamuk simbok iki . . .wah piye iki? (sinambi kipas-kipasan karo godhong )
Jaka Tarub                   :Aha, apa aku golek godhong-godgongan wae supaya bisa dijangan simbok??
(Ujug-ujug ana kidang metu saka wit-witan)
Kidang                        : hahaha kowe goleki aku yaa??(mengejek) . . .mesakke nemen tha kowe awak gering cilik cungkring, golek mangan wae kangelan.
Jaka Tarub                   : Eh eh eh, kidang kurang ajar !wani-wanine ngenyek aku kowe. Tak tombak ndasmu modar kowe.
Kidang                        : Tombako nek bisa kene kene kene ora wedi aku. Weeeekk weekkk....
Jaka Tarub                   : Ahh! sida tak tombak tenan kowe dang !! (ngangkat tombake)
(Kidang lan Jaka Tarub oyak-oyakan)
Kidang                        : Koseek koseeekkk.... kowe arep nombak aku??
Jaka Tarub                   : Yo iyo arep tak gawe sate mengko bengi..
Kidang                        : Arep kok sate? Delengen iki aku durung mangan, dagingku isih sithik mengko mbok pangan ora enak..
Jaka Tarub                   : Njur piye?
Kidang                        : Kowe ngentenana ning kene, aku tak mangan dhisik supaya dagingku akeh dadi kepenak yen mbok sate mengko bengi. Mengko yen aku wis wareg aku tombako maneh.
Jaka Tarub                   : Berarti mengko kowe mrene meneh dang?
Kidang                        : Ya mesthi tha. Wis ya tak mangan dhisik. Tha tha tha . . . . .
(Jaka Tarub lungguh maneh ngenteni kidang sing lagi mangan)
Jaka Tarub                   : Sek..sek.. yen takpikir-pikir apa ana kewan gelem digawe sate?? Iki aku sing bodho apa kidange sing pinter yaa?? Duh gagal maning gagal maning.
Nyi Randha Jaka         : Apane le sing gagal maning?? piye le wis oleh buron?
Jaka Tarub                   : Ajek mbok durung oleh kewan siji-sijia.
Nyi Randha Jaka         : Yawes dirampungake sek anggonmu mburu, yen wis sore enggal muleh wae ya Le.. mbok tak ngenteni ana ngomah karo masak segane.
Jaka Tarub                   : Oh ya mbok, ati-ati ya mbok..
(Nyi Randha Jaka metu saka Panggung)
Jaka Tarub                   : Iki wis suwene kaya ngene kok kidang mau ora mbalik-mbalik maneh yaa, aja-aja aku diapusi ki. Pancen akune sing bodho apa kidange sing pinter yaa?? kurang ajar. (Jaka Tarub lunga goleki kidang)
(Lampu mati, ganti setting)

 ADEGAN III
Setting : Sendhang Widadari
Sinopsis          : Jaka Tarub kesasar banjur leren, keprungu swara wong wadon padha gojeg  banjur diparani jebul widadari.

Jaka Tarub                   : Wadhuh, wis saya sore, kidange ora kecekel… malah ya kesasar tekan kene iki? Iki mengko yen tekan ngomah ora nggawa kidang,wis diamuk simbok iki…wah piye ya?
( Jaka Tarub leren, ora let suwe keprungu swara kaya wong wadon padha gojegan)
Jaka Tarub                   : Loh…swara apa kae…kok cekikikan kaya wong lagi gojegan? Wah la kok kaya swara wong wadon?
Hmmm…cedhak kene ki ana sendhang, apa ana wong wadon lagi adhus ing kono? Ora mungkin, papan kene ki adoh saka desa, ora mungkin ana wong wadon wani adus ning kene dhewekan? Wah aja-aja memedi ki? Coba tak entenane, menungsane apa dudu??

(ora let suwe ketekan para widadari adus)
Dewi Nawangsari       : Para adhi-adhiku kabeh, aja kesuwen anggone padha lelipur ati ing sendhang kene. Iki wis wanci surup, ora watara suwe meh surup ya…
Para Widadari             : Iya kangmbok..ayo..
(Para widadari lukar busana, banjur padha nylempung sendhang sinambi nembang lelagon Serayu)
                                    Adhuh segere banyune ing sendhang
                                    Ilang kesele, awakku ra mriyang
                                    Banyune bening nggo nyeyeger ati
                                    Uger ra lali mring wajib kang mesthi
( Nalika para widadari lagi seneng-seneng, Jaka Tarub njupuk salah sijine slendhang kang werna kuning)
Dewi Nawangsari       : Adhi-adhiku kabeh, ayo padha mentas anggone padha adus. Iki wis wancine surup. Sedhela maneh srengenge wis angslup..ayo..ayo..
Dewi Permoni             : Sekedhap kangmbok…iki isih gayeng anggone  padha kungkum kok kangmbok…
Dewi Kembarmayang : Yayi Permoni, bener ngendikane kangmbok Nawangsari. Iki wis surup, srengenge wis meh angslup…si adhi gelem yen ditinggal ning kene dhewekan?
Dewi Permoni             : Ahhhh..kangmbok ki lho..ya emoh aku..ya wis ayo..
(Para widadari sami rasuk busana malih, dumadakan…)
Dewi Nawangwulan   : Kangmbok..kangmbok..slendhangku ora ana kangmbok
Dewi Nawangsari       : Lo..kepriye yayi? La mau disampirke ngendi?
Dewi Nawangwulan   : Mau ya tak sampirke oyot wit iki kok kangmbok..la saiki kok ora ana? Piye iki kangmbok?
Dewi Sabukjanur        : Ya wis kangmbok…ayo padha ngrewangi kangmbok Nawangwulan nggoleki slendhange?
Dewi Gagarmayang    : Iya..ayo..
Dewi Surendra            : Yayi Permoni, kok ora melu ngrewangi nggoleki ta?
Dewi Permoni             : Ah, wegah aku, mau jare kon cepet-cepet mentas merga wis surup. E, wis arep mulih malah dha geger nggoleki slendhange mbakyu Nawangwulan, ngerti ngono, aku rak ya bisa ciblon luwih suwi.
Dewi Nawangsari       : Sliramu ki kepriye ta yayi? Ana sedulur lagi nandhang kasusahan kok malah sliramu ora gelem mbiyantu ki kepriye ta? Apa kowe tega yen yayi Nawangwulan ditinggal ning alas iki dhewekan?
Dewi Permoni             : La nek pancene kudu ngono, ya ben wae ta kangmbok?
                                    Ayo enggal mulih, saya peteng iki?

Dewi Kembarmayang : Yayi Permoni, , la kok tega temen sliramu ngomong kaya ngono?
Dewi Nawangwulan   :Kangmbok Nawangsari, pancen leres menawi adhi Permoni matur ingkang kados mekaten. Srengenge sampun wancinipun angslup…mangga kula aturi kangmbok sakadang kondur wonten ing kahyangan…kula boten napa-napa dipuntilar wonten ngriki…
Dewi Nawangsari       : Yayi, Nawangwulan…la sliramu kok malah matur kaya ngono ta? Nganggo basa barang karo aku? Aja ngono ta yayi?
Dewi Gagarmayang    : Iya Kangmbok Nawangwulan, aku ora tega yen nganti ninggal kangmbok ning kene dhewekan, kangmbok?
Dewi Permoni             : Uwis ta..mbok aja dha saya nglangut ngono kuwi? La kangmbok Nawangwulan wae wis iklas yen ditinggal dhewekan kok? Ayo ta kangmbok Nawangsari..wis saya peteng iki?
Dewi Surendra            : Kangmbok, kita pancen boten tega nilar kangmbok Nawangwulan. Nanging menawi wayah dalu kok kita boten wonten kahyangan, mesthi bakal dipundukani kanjeng rama lo kangmbok…perkawis kangmbok Nawangwulan rak saged dipuntuweni sanes wekdal ta kangmbok?
Dewi Nawangwulan   : Leres kangmbok, leres aturipun yayi Surendra..mangke kanjeng rama duka..
Dewi Nawangsari       : Senadyan abot rasaning atiku. Ya, ayo enggal bali menyang kahyangan..yayi Nawangwulan prayoga ngati-ati yayi…
Para Widadari             : Ngati-ngati ya kangmbok
Dewi Permoni             : Sing ngati-ati ya kangmbok..awas lho ana pak Cip..
( Para widadari ilang saka pandulu..)
Dewi Nawangwulan   : Dhuh gusti…kok ya saya peteng? Gek ning kene ora ana sapa-sapa? Anane mung swara gemricike banyu sendhang..aku kudu piye? Aku galauuuu..hiks..hiks..
                                    ( Meneng )
                                    Adhuh Gusti mugi welas mring mami
                                    Kang karanta-ranta
                                    Tinilar tan bisa bali
                                    Adhuh kangmbok adhuh rama
                                    Kok malah saya nglangut ta ya? Apa ya ora ana titah sing ana ing kene? Mbok ya tulungana aku?
                                    Wah..ana kodhok..menawa tak aras, apa ya bakal manglih dadi pangeran kang bagus rupane, kang mengko bisa nulungi aku?
                                    Prasetyaku sapa kang arsa nulungi
                                    Datan kasamaran
                                    Yen priya sun suwitani
                                    Lamun wadon dadya kadang
                                    Sapa ya sing gelem nulungi aku?
Jaka Tarub                   : Yayi welasa rakanta
                                    Ywa sira dedawa kingkin
Dewi Nawangwulan   : Aksamanta dhuh kakangmas
                                    Dhasar wus dadi punagi
                                    Sinten arsa nulungi
                                    Samaran arsa tumungkul
Jaka Tarub                   : Banget panrimaningwang
                                    Prasetyamu tekeng batin
                                    Dhasar sira panyata wanita tama
                                    Mengko dhisik ta yayi, sapeyan niku sinten? Kok wanci dalu taksih ing sendhang ngriki?
   Dewi Nawangwulan            : Tepangaken nggih kakang, nama kula Wulan, kula kesasar kok kakang…La ndika niku sinten kok yahmenten taksih ten ngalas?
Jaka Tarub                   :  Ditepungake ya, jenengku Jaka Tarub, omahku  pancen cedhak saka kene lan aku mau mentas wae ngoyak kidang dadi yahmene isih ana ngalas kene.
Dewi Nawangwulan   : O. mekaten ta..
Jaka Tarub                   : La pancen ngono kok yayi…yen aku ora kliru angrungokake…sliramu katon susah…ana apa diajeng Wulan?
Dewi Nawangwulan   : Sapa sing ora susah ta kakang? Aku mau mrene sarombongan  klawan sedulur-sedulurku, sasuwene gayeng anggone padha nyawang sendhang, tanpa sengaja aku misah dalan klawan kadang-kadangku merga nyawang kidang kang endah wewujudane…
Jaka Tarub                   : Banjur?
Dewi Nawangwulan   : Nyawang kahanan kang kaya mangkono, aku bingung kudu nggoleki ning ngendi? Wektu saya sore, srengenge saya suwe saya angslup..kahanan dadi peteng dhedhet. Bejane isih ana sunare rembulan kang dadi cecolok…sapa sing bakal nulungi aku kakang? Ing kene aku ora duwe sanak sedulur..bebasan kudu sambat, nyambata marang sapa?
Jaka Tarub                   : Aku bisa ngrasakake sepira  gempale  sliramu, yayi Wulan. Nanging ilangana rasa was sumelangmu, amarga wis ana aku ning kene..dadi ora perlu susah…
Dewi Nawangwulan   : Kepriye ta kakang, kok ngucap kaya ngono? Apa kakang Tarub iki bakal ngancani aku ning kene? La kakang Tarub ora meh bali? Wis wengi lo kakang? Mengko yen digoleki anak lan bojomu lo kakang?
Jaka Tarub                   : Hmmm.. yayi..yayi..apa aku wis katon tuwa apa piye ta? Nganti tuwa ngene iki, aku iki durung mengku garwa apa maneh putra. Bebasan  wanita sing dadi kembang impen wae durung ana kok yayi..
Dewi Nawangwulan   : Ah…apa iya kakang..goroh mesthi?
Jaka Tarub                   : Sasuwene uripku aku tansah diwulang bab agama lan tata karma kang becik, mula sasuwene  iki aku ora tau ngapasi yayi? Apa maneh kok ngapusi? Ngucap kang ora prayoga marang liyan wae aku durung tau? Mula…sineksen jagad saisine, tulus lair tekaning batin anggonku bakal nulungi sliramu yayi..
Dewi Nawangwulan   : Matur nuwun ya kakang Jaka Tarub, yen pancen ngono lega atiku..
Jaka Tarub                   : Wis, ora becik yen kesuwen ana ing alas iki, ayo takdherekake mulih ing omahku, daktepungake marang simbokku ya yayi Wulan…
Dewi Nawangwulan   : Wiwit wengi iki aku mrasahake jiwa lan ragaku marang sliramu kok kakang..
Jaka Tarub                   : Wis..aku enggal budhal…
  

Adegan IV
Setting                        : Pasar
Sinopsis                      : Nyi Mak Randha Tarub belanja ing pasar.

Adegan V
Setting                        : Rumah Nyi Randha Tarub
Sinopsis                      : Jaka Tarub wis dhaup klawan Nawangwulan lan wus duwe momongan, Nawagsih.

Jaka Tarub                   : Diajeng wulan, ra krasa wis punjul saka setahun anggoku bebojoan lan sliramu . . .
Nawangwulan             : Iya kakang Jaka ..sasuwene kakang bebojoan karo aku ki bungah ta kakag?
Jaka Tarub                   : La kok ora seneng ki kepiye ta? Aku wong saka pedesan, isa duwe sisihan kang ayune tanpa tandhing ing jagad bebasane kok ora seneng? Lan maneh, anggonku bebojoan wis nganti anak-anak si Nawangsih, ya mesth senengku tanpa upama ta yayi Wulan.
Nawangwulan             : Iya kakang, maturnuwun yen pancen ngono . . . aku uga seneng bebojoan karo sapeyan kakang. Kakang iki wis awan lho kakang… apa sampeyan ora meh ning sawah?
Jaka Tarub                   :  Wah iya, ketrem anggonku lelangen karo sliramu lan si Nawangsih iki, ngaojoan kuwi kudhu tresna asih,nti lali aku…wis wancine mangkat nyambut gawe…
Nawangwulan             : Iya kakang, aku uga bakal enggal-enggal tumuju ing sendhang seperlu umbah-umbah…
Jaka Tarub                   : Lo..lo..lo.. kosik ta? Yen aku menyang swah lan kowe umbah-umbah ing sendhang, banjur sapa sing bakal momomng Nawangsih?
Nawangwulan             : Ya bakal tak gawa menyang sendhang ta kakang? Mesakna yen tak    tinggal ing kene dhewekan.
Jaka Tarub                   : Aja..aja Wulan..Nawangsih kuwi raak isih bayi? La Yen mbok gawa ning sendhang, nek nganti teles banjur lara rak ya kapiran ta iki mengko? Apa olehmu umbah-umbah mengko wae?
Nawangwulan             : Ora bisa kakang, iki wis awan kok kakang..yen nganti tak endhe-endhe malah selak kesusul pagaweyan liyane …
Jaka Tarub                   : Aja..pokoke aja…meske ta si Nawamgsih..
Nyi Randha Tarub      : He..he..he.. iki ana apa ta? Tak rungok-rungoke kok dha geger?bebojoan kuwi kudhu tresna asih,aja padha regejegan… wong wis padha duwe anak kok ya… ana apa ta ki mau?
Jaka Tarub                   : Ngene lo mbok…. Aku wis ora mangkat ana sawah… la si wulan rak ya arep-umbah-umbah ning sendhang…
Nyi Randha Tarub      : La banjur sing gawe geger iki apa?
Jaka Tarub                   : La si wulan ki arep ngajak si Nawangsih…. Rak ya mesakake ta mbok?
Nawangwulan             : La mboten wonten ingkang momong kok simbok?
Nyi Randha tarub       : O, ngana ta? Lawong ya mbahe isih seger meger-meger ngene lo ya…. Mengko tak momongane si Nawangsih… wis aja padha sumelang ya…
Jaka Tarub                   : Yo mbok… yen pancen ngono… matur nuwun ya mbok?
Nyi Randha Tarub      : Iya… wis kana ndang budhal selak awan….
Nawangwulan             : Maturnuwun nggih mbok? Ayo kakang ndang budhal….
Nyi Randha Tarub      :Adhuh putuku sing ayu-ayu dhewe… sing deblong-deblong dhewe… sing deblong-deblong dhewe… ayo ya cah ayu… melu simbah ya…

Adegan VI
Setting                        :Rumah Nyi Randha Tarub
Sinopsis                      :Nawangwulan lagi adang, banjur Jaka Tarub Teka… padha masa… lan Nawang wulan ngerti yen Jaka Tarub sing nyinggahake slendhange.

Nawangwulan             :Adhuh anakku sing ayu,tak kekudaang mbesuk gedhe dadi wanita kang utama…. Bisa bekti marang garwa sokur bage  bisa dadi wanita kang migunani mring bangsa lan budaya ya ndhuk….
Jaka Tarub                   :Yayi wulan….
Nawagwulan               :O… kakang  Jaka Tarub.. wis bali ta kakang… ngggawa apa kuwi?
Jaka Tarub                   :Iya, la ya wis meh sowe ngene lan aku ya wis kangen marang si Nawangsih… iki tak bedholake pohong saka sawah…..
Nawangwulan             :Iya kakang… tiwas kebenaran… aku tak asah-asah sedhela ya kakang… tulung Nawangsih dimong ya kakang….
Jaka Tarub                   :O iya..yen ngono enggala isah-isah… si Nawangsih takmonge…
Nawangwulan             :Nanging kakang,aku meling mara sampeyan ya kakang. Sasuwe tak tinggal isah-isah, aja pisan-pisan kakang Jaka tarub mbukak anggonku adang iki ya kakang?
Jaka tarub                    :Dadi,aku ora kena mbukak padangan iki?
Nawangwulan             :Iya kakang,aja nganti mbok lalekake ya?
Jaka tarub                    :Ya kabeh piwelingmu tak setitikna yayi wulan….
Nawangwulan             :Ya wis kakang tak tinggal ya….
(Nawagwulan isah-isah,Jaka Tarub momong Nawangsih)
Jaka tarub                    :Eling marang piwelinge si wulan,aku kok dadi kepengen weruh apa jane wewadi sing ana sajrone padangan iki
                                    (Jaka Tarub banjur bukak dandang)
                                    Loh… jebul saben dina si Wulan kae yen adang mung saka beras sagenggem iki?mulane wis pirang-pirang sasi beras sing ana grobog kok ora kalong malah kepara ajeg terus….
Nawangwuan              :Kakang…kakang…
Jaka tarub                    :Iya,wulan wis rampung anggonmu isah-isah?
Nawangwulan             :Uwis kakang?kepriye sing nawangsih rak ora rewel ta?
Jaka Tarub                   :Ora kok yayi, wiwit mau si Nawangsih meneng wae…sajak katrem anggone turu.
Nawangwulan             : Oh yawis … aku tak niliki nggonku adang ya kakang.. (kaget ) Lo…
Kakang … kakang Jaka Tarub aku mau weling apa kakang? Kowe cidra marang janjimu kakang

Jaka Tarub                   :Wulan, Wulan, aku njaluk ngapura aku bakal walak yen aku mau kepeksa mbukak dandang kuwi merga kadereng rasa pengen ngerti isine dandang mau…Aku prasetya ora bakal nyidrani ora baal nyidrani janjiku maneh marang sliramu Wulan, aku njaluk ngapura ya Wulan?

Nawangwulan             : Kakakng jaka Tarub, uwis kakang…digetunana kabeh wis kelakon. Aku mun mesakake Nawangsih yen nganti ora bisa mangan mula kakang takjaluk njukukna lumpang sing ana ing kidul omah ya kakang…
Jaka Tarub                   :Kowe mbutuhake lumpang?
Nwangwulan               : Iya kakang, kanggo nyukupi kebutuhane awake dhewe aku kudu gelem rekasa kakang.
Jaka Tarub                   : Ya kanggo nebus kaluputanku marang sliramu, apa penjalukmu bakal tak sembadani.

Adegan VII
Latar                          : Rumah Nyi Randha
Sinopsis                      : Nawangwulan lagi napeni beras, njupuk beras ing grobog, banjur Nawangwulan nemokake selendange.

Nawangwulan             :Lo..jebul kakang Jaka tarub kang nduwe pakarti kaya mangkene..babar pisan aku ora ngira….
Jaka Tarub                   :Lo..piye ta iki si Wulan iki menyang ngendi kok si Nawangsih ditinggal dhewe .. b ejane rak ora tiba.. jan sembrana tenan iki..mbok..simbok?
Nyi Randha Tarub      : Ana apa ta le kok bengok-bengok?
Jaka Tarub                   : La si Wulan ning ndi kok Nawangsih ditinggal ning kene dhewekan ?
Nyi Randha Tarub      : La aku yo rak ngerti wong simbok kawet mau ana mburi.
Nawangwulan             : Kakang Jaka Tarub…
Jaka Tarub                   : Wulan.. ko..kowe kok nganggo sandhangan kaya ngono wulan?
Nawangwulan             : Mangertia kakang satemene aku iki widodari saka kahyangan. Biyen anane aku ana sendhang kae satemene merga aku ora bisa bali menyang kahyangan. Aku ora bisa bali ing kahyangan merga selendang kawidadarenku ora ana nalika adus ing sendhang. Banjur nalika aku njupuk pari ing grobog mau aku nemu selendhangku..Kakang Jaka Tarub aku ora ngira babar blas, yen sampeyan tega marang aku merga wis ndelikake selendhangku kakang… sampeyan wis ngapusi aku kakang..Mula saka iku kakang aku wektu iki bakal mulih ing kahyangan kakang? (Nawangwulan kuciwa)
Jaka Tarub                   : Wulan, sing gedhe pangapuramu marang aku Wulan, aku pancen luput. Nanging, aja ninggalake aku Wulan, melasa marang aku umpama ora, melasa marang Nawangsih. Dheweke isih cilik lan mbutuhake panggulawentahmu.
Nawangwulan             : Kakang. Ora bisa…aku kudu bali ing kahyangan merga aku uga duwe jejibahan kakang, dadi aku ora bisa yen kudu ning kene terus.
Nyi Randha Tarub      : Nduk, apa ya kowe tega marang anakmu iki ndhuk?
Nawangwulan             : Simbok, kula titip Nawangsih nggih mbok.
                                    Kakang Jaka Tarub, aku weling marang sampeyan kakang, mbesuk yen Nawangsih wis diwasa lan wis meh diwengku marang sawijining pria. Aku weling, malem tumapaking temantenan aku kepengen ndandani anakku supaya katon ayu…mula sampeyan kudu ngundang marang aku…carane gawea anjang-anjang lan sangisore abongake beras ketan ireng ing kana aku bakal teka… wanci kuwi kang diarani malem midodareni..Wis kakang aku njaluk pamit…
Jaka Tarub                   : Wulan….aja wulan…wulannnnnnnnnn……


(Rampung)

0 komentar:

Posting Komentar