Teks pranatacara
pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW
Assalamualaikum
Wr. Wb.
Alhamdulillahirobbil
alamin wabihinasta’in...
Katentreman,
kawilujengan, kabagas-warasan saha kamulyan mugi kajiwa kasarira kula
panjenengan sedaya waradin sagung dumadi.
Nuwun,
Lurah Desa Teluk Awur Bapak Suratna ingkang kula hormati, Bapak lan Ibu masyarakat
Dusun Teluk Awur ingkang kula hormati, para pamuda Dusun Teluk ingkang kula
hormati lan tresnani.
Saderengipun
adicara dalu menika kawiwitan, mangga kula lan panjenengan sedaya sami
ngunjukaken puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung,
Maha Mirah lan Maha Asih inggih Allah AWT ingkang sampun maringi pinten-pinten
kanikmatan wujud kabagas-warasan, karaharjan, kawidadan, saha kamulyan niring
sambekala, Amin.
Bapak
lan Ibu ingkang kinurmatan. Atur wuninga bilih rantaman adicara ing dalu menika
inggih menika:
Sepisan : pambuka
Kaping
kalih : waosan Al Qur’an
dening mas …
Kaping tiga :
paring pangandikan saking ketua panitia
Kaping
sekawan : paring pangandikan
saking Lurah Dusun Teluk Awur
Kaping
gangsal : acara Inti
Kaping
nem : donga ingkang dipun
pandhegani dening mas …
Kaping
pitu : paripurna
Mekaten
tantaman adicara ing dalu menika.
Adicara
kapisan, mangga kula lan panjenengan sedaya bikak kanthi waosan Basmallah
rumiyin, Bismillahirrahmanirrohim…
Adicara
salajengipun inggih menika, waosan ayat suci Alqur’an saking mas ………
Katur
panjenenganipun, kasumanggakaken, nuwun.
……………………………….waosan Ayat
Suci Alqur’an…..……………….
Kangge
panjenganipun matur nuwun.
Adicara
salajengipun inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia, kangge
panjenganpun kula sumanggkaken.
………………………………..atur
pangandikan ketupat……………………………..
Menika
pangatur pangandikan saking ketua panitia, matur nuwun.
Adicara
salajengipun inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia, kangge
panjenganpun kula sumanggkaken.
………………………………..atur
pangandikan Lurah ……………………………..
Mekaten
pangandikan saking panjenenganipun Lurah, matur nuwun.
Adicara
salajengipun inggih menika acara inti, katur panjenganipun Bapak ….. kula
sumanggakaken.
………………………………………acara
inti…………………………………………
Bapak
lan ibu ingkang kula hormati, matur nuwun kangge bapak …. Mugi-mugi saged
manfaat kangge kula lan penjenengan sedaya.
Salajengipun
inggih menika, donga.
Katur
mas …. Kula sumanggakaken.
…………………………………………….donga
………………………………………..
Bapak
lan ibu ingkang kinurmatan.
Kanthi
purnaning donga, ateges adicara maulid nabi sampun paripurna. Kula Taufiqul
Khoyr ingkang minangka pranatacara, mbok menawi wonten lepat anggen kula matur
kathah lepat saha kirangipun, pramila kula nyuwun agungin samudra pangaksami.
Saklajengipun
pepanggihan ing dalu menika kula tutup.
Wassalamualaikum
Wr. Wb.
0 komentar:
Posting Komentar