Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 12 Juli 2014

Geguritan Piwelinge Simbah

Piwelinge  Simbah Wadon
Dening : Aida Nurjanah

Rigma sampun boten cemeng malih
Ragane mung kari balung lan kulit
Wengi kang ngatentremke ati
Angin kang nerak wengi iki
Dadi saksi piwelinge simbah wengi iki marang putune

Ngger putuku,,
Nalikane jaman wis ora mihak awakmu besuk
Nalikane jembatan kabeneran wus ora bisa dilewati maneh
Nalikane manungsa maleh dadi kewan

Aja lalikke piwelinge simbah wengi iki
Tansah ngabdia marang wong tuwamu lan Gusti
Sanajan kabeh kahanan mau kadadean marang sliramu
Atimu ora bakal goyah karo ajak-ajakane setan alas
Setan alas sing nggeret kowe lan kabeh manungsa mlebu kolam geni
Kolam geni sing kekal

Geguritan Kang Trep


Kang Trep
Dening: Aida Nurjanah

Sanajan apik
Sanajan larang
Yen ora trep ora bakal nyawiji
Kadidene gembok
Sanajan apik dhewe
Sanajan larang dhewe
Yen dudu gathukane
Sakmatine dijajal ora bakal kabuka

Jumat, 11 Juli 2014

Geguritan Bapak

Bapak
Anggitane dh. Abadhinar
(kapethik saka Panjebar Semangat No. 14 – 2 April 2011)

Kithah-kithih den surung becak
Lumebu ngomah apayon blarak
Simbok ngebak-i dandang njur banyu dimasak
Gawe wedang jahe nggo siram panas cecepak

Dhuwit receh sinebar meja tanpa taplak
Sinambi slonjoran kesayahan pinarak
Pikolehan sedina muput kringet disuntak
Mbelani butuh tan kena disengkak

Gawang anlawung saiba rekasaning Bapa anggiyak
Tumekaning wengi ngengonthel sinengguh penak
Tan ngresula sesambat senajan abot sanggane sajak
Sarwa gumujeng ampeyan kiyeng legawa tumindak

Udan nggreceh padinan mangsane rendheng pendhak
Kebes njedhidhil ageman ing lendhut gupak
Esem legawa ulihmu senajan cethetheran leh tindak
Ceceker ing dedalanan wiwit esuk nglabuhi anak
Bayaran sekolah lan pepantesing sandhang pinacak

Rikala klakon gumilir sinangga kang abot ing pundhak
Ngestokke dhawuh simbok tunggak jarak dadya mrajak
Mbecak-a Bapa sira kekiprah-a agawe cingak
Eman Rama tan menangi lamun lawas anggone tindak

Jengglingen sendheku ing pasareyan Bapak
Ngrerintih ngapa kondurmu ra kena diselak
Satemah asung kamulyan datan sama anglempak

Kasembadan saking puji pengestu andika mematak

Geguritan Arep Dadi Apa Negara Iki

Arep Dadi Apa Negara Iki
Anggitane Ginanjar Wasitaning Ati
(kapethik saka Panjebar Semangat No.14 – 2 April 2011)

Penak tuku,
Tinimbang terus ngenteni
Patang taun ngel-ngelan anggonmu ngudi
Patang taun bot-abote anggonmu ngungsi
Karep urip bisa luwih edi
Karep urip bisa luwih mulya tinimbang wingi-wingi
Penak tuku,
Tinimbang terus ngenteni
Nanging, arep dadi apa Negara iki?
Yen saben-saben kepinteran mung kanggo idhi
Kalah karo sing pawitane gedhi
Kalah karo sing dulurane wis padha dadi
Ndus, nganti kapan arep ngenteni
Wis gek ndang melua idhi
Jarene luwih penak tinimbang terus ngenteni
Kapinteranmu simpenen dhidik dina iki
Merga ilmu saiki wis tanpa pangaji
Merga pinter saiki dudu barang sing njanjeni
Penak tuku
Tinimbang terus ngenteni
Ora sah mikir dhisik
Mbuh arep dadi apa bakale Negara iki






Geguritan Kawula Alit

Kawula Alit
Angitane Wandya Supriyatno
(kapethik saka Panjebar Semangat No.6 – 5 Pebruari 2011)
Pari kang kuning merakake ati,...
Dumadakaan sengkleh,.............!!!
Katrejang wengise wereng,......kaya bakda campu nyadran!!!

Sewengi ludhes,.....!!
Aku ngelus dhadha,..sinambi ikhtifar,...njola mring Gusti!!!

Durung gantalan dina gumanti,...
Wedhus lan sapi,..........mati!!!

Langit kaya ambruk,.....petheng ndhedhet,........!!!

Entek kabeh bandha ing tanganku,...
Embuh kepriye nasib ing sakbanjure!!!

Esuk anak loro kabeh sambat,...
Njaluk dhuwit kanggo bayar SPP!!!

Atiku limbung,...
Linglung,...........

Gusti,......!!!

Kawula sambat.

Geguritan Noleh Memburi

Noleh Memburi
Anggitane Sumono Sandy Asmoro
(kapethik saka Panjebar Semangat No. 49- 3 Desember 2011)

Noleh memburi
Nyawang bulakan sawah lan pategalan
Mandeng ijone suket lan gegodhongan
Ngulati impen kang nate gogrog sadawane dalan

Ing galengan iki sikilku nate kesandhung
Nalika kumricike banyu kalen
Gawe wirama kasepen
Nyawang abure kuntul bablas mangidul

Noleh memburi nyawang birune langit kang nyimpen lintang-lintang gumebyar
Ana kang dak rasa gothang ing alam gumelar
Nalika kembang arum dalu gogrog ing latar
Sadurunge cangkriman wengi rampung kababar

Noleh memburi
Nintingi dina-dina sepi
Mbatang cangkriman mangsa
Kang kebak petung lan tandha-tandha










Geguritan Noleh Memburi

Noleh Memburi
Anggitane Sumono Sandy Asmoro
(kapethik saka Panjebar Semangat No. 49- 3 Desember 2011)

Noleh memburi
Nyawang bulakan sawah lan pategalan
Mandeng ijone suket lan gegodhongan
Ngulati impen kang nate gogrog sadawane dalan

Ing galengan iki sikilku nate kesandhung
Nalika kumricike banyu kalen
Gawe wirama kasepen
Nyawang abure kuntul bablas mangidul

Noleh memburi nyawang birune langit kang nyimpen lintang-lintang gumebyar
Ana kang dak rasa gothang ing alam gumelar
Nalika kembang arum dalu gogrog ing latar
Sadurunge cangkriman wengi rampung kababar

Noleh memburi
Nintingi dina-dina sepi
Mbatang cangkriman mangsa
Kang kebak petung lan tandha-tandha










Geguritan Tembung Lali

Tembung lali
Anggitane Pawit Mulyadi
(kapethik saka panjebar semangat no.53-31 Desember 2011)

Lali, pancen ora kelingan
Yen kelingan, mesthi bae ora lali
Sapa wonge kang takon ora bakal maido
Yen diwangsuli nganggo tembung iku
Paling amung dipaido amarga lali
Tembung siji iku pancen lagi peng-pengan
Ora amung wong cilik kang ngucapake,
Supaya ora disrengeni ndara utawa pangarsane
Punggawa uga lagi dhemen ngucapake,
Apameneh kang lagi kasangkut perkara gedhe
Tanpa isin ...
Tanpa wigih-wigih ...
Tanpa tedheng aling-aling ...
Entheng bae ngucapake tembung iku
Kamangka katon yen praupane dadi nyleneh,
Kaya ... ora tega ... ditulup
Nalika ngucap tembung iku
Lali aja diowahi dadi dielali utawa dilali-lali
Yen kebacut dhemen ngucap tembung iku
Mengko mundhak dadi lalenan temenan
Temenan dadi mitrane kang ora klambenan
Mlaku ngunclug turut pecinan ...





Geguritan Mampir Ngombe

Mampir Ngombe
Anggitane Winardi S. Nugrahanto
(kapethik saka Panjebar Semangat no. 22-1 Juni 2013)

Aku iki tresna nyang slirahku
Nanging ora tresna kang banget
Aku iki tresna nyang anakku
Nanging ora tresna kang keliwat banget
Aku iki tresna nyang kabeh kulawargaku
Nanging ora tresna kang banget

Aku tresna nyang tangga-teporaku
Nanging ora keliwat banget
Aku iki tresna nyang bumi wutah dharahku
Nanging ora tresna keliwat banget
Aku iki tresna nyang nusa bangsaku
Nadyan kudu banget ana watese

Aku tresna sak kabehane
Nanging sak madya lan sak lumrahe
Kabeh mau aku kudu bisa mapanake
Antarane kuwajiban lan katresnan
Awit aku mung mampir ngombe
Yen kelangan ing antarane
Muga ora ndadekake keduwung mburine

Yen katresnan ndonya tansah keliwat bangete
Tundhone mung ndedawa kuciwa
Banget tresna nyang kadonyan wedi mati
Tresna kang sejatine mung kunjuk ngersane Gusti
Kanthi lila-legawa tekading atai kang nyawiji


Geguritan Angen-angen

ANGEN-ANGEN

Anggitane Soestrisno
(kapethik saka Penjebar Semangat N0.14 surya kaping 7 April 2012)
Obahing raga...Ketarik getering rasa
Rasa sejati thukul saka telenging ati
Ati...apa kena takguroni?
Raga...apa bisa nggayuh suwarga?
Oh...kadangku sakarone
Ya Ati...ya Raga
Aja padha sulaya
Aku rep meling
Ati...tilingna sabdaning Gusti
Rina lan Wengi
Tindakna wedharing sabda
Kanthi tulusing Ati
Raga...bisa gawe menara
Nganti sundhul angkasa
Yen ta linambaran ati suci
Budi santoso
Sinartan sih rahmat
Berkahing gusti

Kang maha kuwasa

Kamis, 10 Juli 2014

Geguritan Kanggo Mbakyuku

     Geguritan Kanggo Mbakyuku
(kapethik saka Panjebar Semangat No.22)

Ora cukup klawan tangisi, Yu
Nalika kembang wora-wari
Ora aweh salam
Ing pager lan pekarangan
Ombak segara
Wola-wali wus ngajari
Ngurip ngemu wektu
Lan pepesthi
Nalika kita wus tekan titiwanci
Kudu nengah  apa minggir
Dudu sumingkir
Waspadakna galo
Yen kesemir
Mengkilap ngajak ita
Kudu wani mangkat
Aja nganti kesengsem
Klawan nostalgia

Yen perlu kudu sangu senjata