Jumat, 11 Juli 2014

Geguritan Mampir Ngombe

Mampir Ngombe
Anggitane Winardi S. Nugrahanto
(kapethik saka Panjebar Semangat no. 22-1 Juni 2013)

Aku iki tresna nyang slirahku
Nanging ora tresna kang banget
Aku iki tresna nyang anakku
Nanging ora tresna kang keliwat banget
Aku iki tresna nyang kabeh kulawargaku
Nanging ora tresna kang banget

Aku tresna nyang tangga-teporaku
Nanging ora keliwat banget
Aku iki tresna nyang bumi wutah dharahku
Nanging ora tresna keliwat banget
Aku iki tresna nyang nusa bangsaku
Nadyan kudu banget ana watese

Aku tresna sak kabehane
Nanging sak madya lan sak lumrahe
Kabeh mau aku kudu bisa mapanake
Antarane kuwajiban lan katresnan
Awit aku mung mampir ngombe
Yen kelangan ing antarane
Muga ora ndadekake keduwung mburine

Yen katresnan ndonya tansah keliwat bangete
Tundhone mung ndedawa kuciwa
Banget tresna nyang kadonyan wedi mati
Tresna kang sejatine mung kunjuk ngersane Gusti
Kanthi lila-legawa tekading atai kang nyawiji


0 komentar:

Posting Komentar