Ngapurane Ya Nur....
Dening : Aida Nurjanah
Aku mung
bocah cilik sing durung ngerti apa-apa.
Saiki aku nembe kelas 2 smp ing salah siji sekolah negeri kutha Semarang. Aku
dudu anakke wong sugih, dudu anakke wong ndue, aku anak tunggal saka bapak lan
ibukku. Nanging saiki aku mung tinggal karo simbahku amarga ibuk lagi kerja
adoh dadi TKI ning Arab sawetara bapakku sampun tilar donya. Aku sayang banget
karo simbah lan ibukku.
Dina iki
aku sekolah kaya dina-dina biasane, jam setengah enem aku digugah karo Simbah.
“Ri...Amri..tangi
Le..wes jam nem iki, ndang wudhu, shalat mundak telat mengko sekolahmu” ature
Simbah gugah aku sinambi gawe sarapan kanggo aku.
“Inggih
mbah....” saurku karo riyip-riyip kucek-kucek mata lan mudun saka paturon. Aku
gregah tangi wudhu, shalat lan terus adus. Wes siap kabeh kinyis-kinyis tinggal
mangkat, nanging sakdurunge mangkat aku di dhawuhi Simbah sarapan dhisik. Aku
digawekake sarapan sega goreng karo Simbah, sinambi aku mangan, Simbah matur
“Le, mengko
nek sekolah sing tenanan, mesakke ibuk sing golek duwit tekan adoh”
“Nggih
mbah..Kula nggih saben bengi donga kengge ibuk, muga-muga ibuk wonten mrika
sehat lan lancar anggenipun kerja mbah”
“Iya
Le..Simbah yo donga kanggo ibumu, muga-muga apik kabeh, kowe aja lali shalate
yo Le,
aja nggawe
kecewane ibu lan Simbah”
“Nggih
sampun, kula mangkat riyin nggih mbah, sampun telas niki sarapane, maturnuwun
ya mbah.”
“iya Le,
ati-ati ning dalan, mengko pas kowe balik, Simbah ora ning omah yo, lagi rewang
ning Bu Lastri nduwe gawe.”
“Nggih
mbah, Assalamu’alaikum.” Salamku karo salim marang Simbah.
“Wa’alaikumsalam
Le.”
Aku mlaku
metu omah, krek...krek...krek... swara lawang kayu tak buka,
Bismillahirrahmanirrahim niatku mangkat sekolah.Aku mangkat nglewati dalan
elek, kancaku padha mangkat numpak pit, aku mlaku yo orapapa, sing penting isa
sekolah. Batinku muni.
Tekan
sekolahan, aku seneng banget ketemu karo kanca-kancaku, padha crita-crita, ana
sing dolanan ana uga sing lagi sinau nggarap tugas.Kalebu Nuri kanca wadon sing senengane ngece aku,
senenge tukaran karo aku nanging ora niat tukaran tenanan, mung guyon. Aku yo
senenge ngece dheweke kanggo guyonan.
Palajaran
dina iki wes rampung, aku langsung bali menyang omah. Langite katon terang,
hawane panas, udara wes kotor kena polusi montor-montor tak irup aku balik
nglewati dalan sing akeh wong mloka-mlaku nggolek dhuwit kanggo panguripan.
“Assalamu’alaikum”
salamku lan mlebu omah, nanging swara hening, kahanan omah sepi amarga Simbah
lagi lunga. Aku banjur salin lan mangan, sore iki jadwalku les BTAQ ning sekolahan
jam 4 sore, mula aku langsung turu awan supaya mengko ora ngantuk pas les BTAQ.
Jam 3 aku
tangi, adus langsung shalat. Pas nembe siap-siap swara lawang kebuka
krek...krek...krek...
“Assalamu’alaikum”
swarane simbah teka.
“wa’alaikumsalam,
sampun wangsul mbah?” Sautku marani simbah lan salim tangane simbah.
“ Arep ning
ndi Le? Kok wes rapi men?” Pitakone Simbah.
“ Badhe
tindhak sekolahan mbah, wonten les BTAQ.”
“ Oh ya,
sing sregep lan ngati-ati Le!”
Sore iki
rasa-rasaku ana sing aneh, ora kaya dina-dina biasane. Jam setengah 4 aku wes
tekan sekolahan, nanging Bu guru dereng rawuh. Sidane aku lan kanca-kancaku
padha gegojekkan,
“
Ri...Amri.. kowe napa kok meneng wea? Kene awor karo kanca-kanca. Ayo rene!”
undange Nuri.
“ Meh mbok
jak nopo Nur?” takonku
“ Ayo
rene!!!” undange Nuri karo ngawe-awe aku.
Sakdurunge aku tekan grombolane bocah-bocah, nuri ngenyek aku.
“ Amri
elek, cah cilik..” ecene Nuri karo mlayu.
“ kowe yo
elek!!” balesku karo ngoyak Nuri, nanging ora kena-kena.
“ ora
kena..ora kena..” saure Nuri
Aku
sepintas jupuk sulak sing ana ning meja guru, banjur pas ameh tak balangke
Nuri, dheweke malah mengo madhep aku, mak jleb sulak sing tak balangke mau kena
mripate Nuri. Lansung getih tumetes moncrot saka mripate Nuri, aku lan
kanca-kanca kabeh gugup. Rasaku campur aduk wedi, mesakke pokoke campur aduk.
Aku ndrerek wedi bangeeeet.... kanca-kanca padha wae wedi ora wani nulungi
Nuri, kancaku Rifki langsung menyang kantor guru nglapor yen ana kedadean kaya
iki. Pihak sekolahan langsung telpon
ambulan Nuri digawa menyang rumah sakit.
Kanca-kanca
ana sing nyalahke aku, ana uga sing ngayem-ayemke atiku. Aku bingung, wedi. Les
BTAQ sore kuwi ora sida, kanca-kanca padha bali termasuk aku padha wae balek
omah. Bengi-bengi aku cerita kabeh marang Simbah, Simbah ya padha wae bingung
kudu piye...
Sakwise
kedadean wingi sore aku ora wani mangkat sekolah nganti 2 dina. Simbah telpon
ibuk terus ibuk badhe wangsul ning
Semarang seminggu meneh tekan.
3 dina
kepungkur kedadean paling tak wedeni kelewat, aku nembe mangkat sekolah, dina
kui Nuri durung mangkat sekolah. Jek ana rumah sakit
Sakwise
ibukku wangsul, dugi Semarang aku, Simbah lan ibuk langsung tilik Nuri ning
rumah sakit. Njaluk ngapura karo Nuri lan keluargane Nuri, Ibu menehi duwit
kanggo pengobatane Nuri.
Udakara
sebulan, Nuri wes mangkat sekolah, nanging mripat tengene wuta ora bisa kanggo
ndelokki. Dadi Nuri mung isa ndelokki nganggo mripat kiwane.
“ Ngapurane
ya Nur..” batinku muni karo ngewaske Nuri.
0 komentar:
Posting Komentar