Kamis, 10 Juli 2014

Kenduren

Kenduren

Adat utawi tradisi kenduren inggih menika tradisi ingkang sampun turun temurun sakinh nenek moyang wonten ing jaman rumiyin. Tradisi kenduen kawontenan ing masyarakat Jawa Tengah ingkang taksih asring dipunlaksanakaken ngantos sakmenika. Tradisi menika kagungan ancas nyuwun kaslametan dening Gusti Allah SWT kangge tiyang ingkang ngawontenaken adat menika. Wonten adat menika ingkang kedah dipuncawisaken inggih menika tumpeng jangkep kaliyan lawuhipun. Tumpeng lan lawuhipun dipundongani sesarengan kaliyan para rawuh, ingkang dipunpimpin kaliyan pemuka adat utawi sesepuh adat. Sesampunipun tumpeng kalawau dipundongani, tumpeng wau dipunbageaken ingkang asring dipunsebat carikan utawi berkat.

Adat kenduren menika kathah macemipun, wonten kenduren wetonan (wedalan) dipunwastani wetonan amargi ancasipun kangge nyuwun kaslametan menawi dinten kelahiran ( weton, Jawa). Wonten ugi kenduren sabanah (munggahan) kenduran menika kawontenan wonten ing bulan sya’ban. Lajengipun wonten kenduren likuran, kenduren menika laksanakaken tanggal 21 wulan pasa, kagungan ancas mangeti dinten Nuzuzul Qur’an. Ingkang pungkasan inggih mrnika kenduren badan (lebaran) dipunlaksanakaken dinten idul fitri 1 syawal, anggadhahi ancas kangge ngandapaken para leluhur. Sinaosa mecemipun kathah, nanging kenduren menika ancasipun sami, inggih menika nyuwun kaslametan dening Gusti Allah.

1 komentar: