Para pamirsa,
Sugeng
sonten, sugeng pepanggihan malih kaliyan giyaran pawarta basa Jawi lumantar
TVRI Semarang. Wonten 9iing pepanggihan punika badhe kaaturaken pawarta
ngengingi bab-bab ingkang wonten sesambatan kaliyan gesangipun pendhudhuk
ingkang saged gesang mulya.
Para pamiarsa sutresna.
Boten
dangu malih pamarintah kitha Semarang lumantar Dhinas Tenaga Kerja lan
Transmigrasi badhe mbishalaken 20 kepala kulawarga calon transmigran tumuju
dhateng tlatah Tenggarong, Kalimantan Timur. Program transmigrasi kasebat
miturut pangarsa Dhinas Tenaga Kerja lan Transmigrasi kanthi ancas ngradinaken
sumebaring pendhudhuk tundhonipun pembangunan saged lancar lan panggesangan
warga masarakat saged mulya. Wonten ing papann ingkang enggal para transmigran
badhe kabiyantu ubarampe panggesangan dangunipun 12 ngantos 18 wulan.
Sejatosipun kangge ayuh gesang mulya. Pamarentah boten namung ugi kabudidaya
kanthi cara sanes. Kados ta netepake UU No. 10 Warsa 1993 ngengingi
pangrembakanipun pendhudhuk lan pambangunan kaluwarga ingkang sejahtera. Wonten
undhang-undhang kasebat kaemot babagan kaluwarga Berencana kanthi pambudidaya
ndhapuk Kaluwarga catur warga (Kaluwarga cacah sekawan). Mekaten
pangendikanipun Pangarsa Dhinas Nekartrans.
Boten
namung ndhapuk kaluwarga catur warga, pranyata program KB tebanipun sansaya
wiyar. Antawasipun ndhiwasakaken umuripun warga ingkang nikah, ngatur cacahing
putra, ndamel kaluwarga ingkang kukuh bakuh sataeamah dados kaluwarga alit
ingkang bagya mulya.
Ing
pungkasaning andharan pangarsa Dhinas Nakertrans ugi ngendikaken menawi
transmigran lan program Kb nyata-nyata gadhah panjangka ingkang sami, inggih
punika ndamael kaluwarga ingkang bagya mulya.
Pawarta
salajengipun badhe dipunaturaken kadang kula, Irna Lestari, sumangga.
0 komentar:
Posting Komentar