Anjang-anjang
Scene 1
Ing wayah sore, ana bocah cilik mandengi
bapak-bapak lagi njupukki sampah. Sing katon amung wayangan bocah cilik.
Backsound geguritan :
Cah…..
Sanggane wong urip iku ora padha
Abot enthenge beda-beda
Gumantung ana ing rasa
Rasa
saka ngarsane Gusti…
Yen
isa njamak kanthi setiti
Dalane
dadi padhang
jangkahe
dadi rikat
lan
sanggane dadi entheng…
Yen
nuruti landhepe ilat
Aku
iki diarani wong mlarat
Ning…. apa
iki sing diarani kodrat?
Apa
ala yen aku tiru-tiru pitik
Sing golek pangan saka tumpukan larahan?
Cah…
Kabeh wis dadi mantepe atiku
Suket ron dadi pengayom
sato kewan dadi kekancan
Watu lemah dadi berkah…
Gusti….
Ana ing ngarsamu aku pasrah
Masrahake garise uripku
Scene 2
Setting : Siyang, Cakruk
Tokoh : Dipa, Putra, Leni, Alvin, Adi
Ing
cangkruk ana Leni lan Alvin lagi padha jagongan.
Leni : “ kanggo tugas sesok arep
nggawa apa Vin?”
Alvin : “ tugas saka ibu guru sing kon nyeritake babagan pagaweyane bapake dhewe-dhewe
kae?”
Leni : “iya Vin, sekaliyan nggawa
piranti sing biyasane di asta bapake dhewe, piye awakmu arep nggawa apa?”
Alvin :”Aku gawa apa ya?”
Leni : “Eh eh Vin, la Dipa sing
anakke pemulung kae arep nggawa apa ya? Mosok meh nggawa sampah?”
Alvin : “Hiiiii nggilani ! Njinjiki.” (nutup
irunge)
Leni : “Yawis ayo marani Adi”
Leni
lan Devi mudun saka cakruk marani Adi ing ngarepan cakruk.
Alvin : “Adi ning endi ya kok ora
teka-teka?” (ingak-inguk)
Leni : “La kae Adi teka.” (nuding
tangane)
Adi
nyauri saka adohan, diboncengake mbakyune.
Adi : “Hey” (ngadek saka Jok motor)
Adi
mudun saka motor lan salim marang mbakyune,
Mbakyune
Adi : “Ati-ati ya.”
Adi : “Inggih.”
Leni : “Kok suwimen to ora
teka-teka?”
Adi : “Iya iya mengko dhisik.”
Leni
: “Ayo omong-omongan ning
gerdu.”
Bocah
telu padha mlaku ing gerdu lan nyambungake anggone padha jagongan.
Adi : “Kok do gayeng men, do
ngomongke apa to?”
Alvin
: “Ki lo ngomongke tugase bu
guru sesuk, kowe arep gawa apa Di?”
Adi : “Oh kuwi, aku kan gampang
bapakku kan polisi dadi aku isa gawa sempritan.”
Leni : “Aha, bapakku kan dokter dadi
aku bisa gawa stetoskop. La Vin awakmu sesuk arep gawa apa?” (Mlengok ing Alvin)
Alvin : “Aku gawa apa ya? Mbuh bingung, pikir sesuk wae ah! Aku males.”
Leni : “Eh Di, aku mau karo Alvin nembe
ngomongke Dipa anakke pemulung kae Di, mosok meh gawa sampah ya Di?”
Jebul
ing tong sampah ngarep gerdu, Dipa karo Suryo nembe golek sampah kang bisa didaur ulang.
Adi : “Wis wis aja kaya ngunu, kae
wonge teka lo.” (Mlinguk ing arag tong sampah ngarep gerdu)
Leni : “Endi to?” (mlinguk ugi)
Adi : “Dip, Sur rene.” (Ngawe-awe
Dipa lan Suryo)
Dipa
lan Suryo mandhek anggone ngorek-orek sampah, lan padha pandeng-pandengan.
Dipa : manthuk-manthuk lan yauri
“Iya”
Dipa
lan Suryo marani kanca-kancane ing gerdu. Suryo ngomong saka ngisor gerdu.
Suryo : “Aku gawa sampah, reged ig.”
Karo ndudohake sampah sing digawa
Adi : “Yawis kowe ning kono wae
aku arep omong-omong mbe kowe.”
Leni : “Ih, nggilani! Mambu! La
kowe?”mlengok ing Alvin lan nutup irunge
Alvin : “Uweeeukkkkk.” kaya-kaya arep
mutah
Bocah
telu mau padha ngguyu ngece.
Suryo : “Heh heh ora kabeh wong mulung kuwi reged, gumantung karo
manungsane dhewe-dhewe.”
Dipa : “Wis sur, wis ben ora papa.”
Surya : “Mengko ndhisik Dip, ben
bocah-bocah ngerti nadyan urip sak
ubenge sampah nyatane awakmu lan
keluargamu isa sehat bebas saka penyakit.”
Dipa : “Yawis ben Sur, kan kae
wong-wong sugih.”
Suryo : “Yawis Dip, ayo mulih wae.”
Dipa
manthuk-manthuk
Adi,
Alvin lan Leni padha nyoraki lan bebarengan ngomong “Huuuuuuuu” lan guyu ngece.
Scene 3
Setting :
Rumah, sore
Tokoh : Dipa lan Bapak
Dipa lagi lungguh
gawe kitiran
ing ngarep omah, bapake
maran.
Bapak : “Kowe lagi ngapa nang?”
Dipa : “Iki lo Pak, lagi gawe kanggo
tugase ibu guru sesuk.”
Bapak : “Tugase apa nang?”
Dipa : “Dipa diutus
gawe crita babagan pagaweyane Bapak lan gawa piranti kang biasane diasta Bapak
nalika kerja.”
Bapak :
“Kowe ora isin nyritakake pagaweyane Bapak?”
Dipa
meneng karo dingkluk. Banjur, nyawang Bapake.
Dipa :
“Boten Pak.” (Mesem bombong)
Bapak : “Oh ya pinter-pinter, bapak bangga karo kowe, anakke
bapak tenan.” (ngelus-elus sirahe Dipa.
Scene 4
Setting :
Sekolahan, esuk
Tokoh :
Dipa, guru, para murid
Gendera merah putih, bel sekolah. Ing
njero kelas, para murid maju siji-siji nyritakake pagaweyane bapake
dhewe-dhewe.
Leni :
“Pagaweyane bapakku yaiku dokter saben
esuk bapakku mangkat nganggo seragam putih-putih, bapakku bisa nambani wong
lara, panggonane kerja bapakku ing rumah sakit, bapakku gunakake iki saben
kerjane.”
Ibu guru lan Para kanca padha keplok.
Adi :
“Bapakku yen kerja ngagem seragam coklat, senenge nyemprit-nyemprit(nyebul
sempritan)
kanca-knca :
‘Waahhh, bapakmu tukang pakir ya ?”
Adi :
‘Hii ya ora ta, ngece nemen bapak kui dudu tukang parkir, bapakku polisi kok. “
Kanca-kanca padha ngguyu Adi.
Ibu guru :
“Paring keplok kangge Adi. Saklajenge Devi ayo maju.”
Devi maju ing ngarep.
Devi :
“Pagaweyane bapakku yaiku DPRD. Saben mangkat kerja nganggo Jas lan sepatu sing
kinclong lan resik banget. saben kerja bapakku ngasta iki (nunjukake tablet).”
kancane :
“Loh, DPR kok nggawa tablet?”
Devi :
“Iya ta supaya ora ngantuk kok anggone rapat.”
parakanca :
“Huuuuuuuuuuuuuu!!!!” padha nyoraki Devi.
Ibu Guru : “Hus hus, mendel
ampun
ngoten ta ayo
padha paring keplok
kanggo
Devi.
Ibu guru lan Para kanca padha keplok.
Ibu guru :
“Saklajenge Dipa ayo maju.”
Dipa maju ing ngarep, maju gawa kitiran kanthi
bingung meh miwiti ceritane.
Dipa :
“Bapakku... Bapakku... Bapakku..”
Kancane :
“Bapakmu ngapa Dip?”
Dipa :
“Bapakku yen kerja ora ngagem seragam, Saben dina bapakku gawe dalan-dalan
resik. Njipuki barang ana ing tempat sampahe wong kang miturute wong liya wis
ora ana gunane. .bapakku gaweyane mulung.
Adi :
“Banjur apa sing kok gawa?sampah?? hahahha”
Dipa :
“Iya,aku gawa sampah merga pirantine kerja bapakku ya sampah. Nanging sampah
sing tak gawa bisa migunani.
Guru
lan kanca-kanca padha ngadeg lan keplok bareng-bareng.
Guru :
“Iki lo cah, kaya Dipa isih cilik wis kreatif. Dip, yen awakmu gelem
sesuk coba pakaryanmu iki dititipake ing koperasi sekolah ya,sokur bage bisa
kemedol.”
Pejaga sekolah nglonceng nandakake yen
sekolh wis paripurna.
Para murid salim marang Ibu guru.
Scene 5
Setting : Ing kerjaane bapake Dipa
Tokoh : pemulung liyane, Bapake Dipa,
lan Dipa
Dipa : “Bapaak...” (marani bapake)
Bapake
Dipa : “Eh, Dipa piye Nang?”
Dipa : “Niki pak unjukane.”(Ngaterake
wantah)
Bapake
Dipa ngunjuk wedhang saka Dipa
Dipa : “Pak mau Dipa diaturi buguru, dikengken
nitipake barang-barang daur ulang ing koperasi sekolah pak.”
Bapake
Dipa : “Oh ya pinter ditabung ya Le sapa
reti usahamu bisa sukses Nang. Bapak bombong banget karo Dipa.”(ngelus-elus
sirahe Dipa)
Dipa
lan Bapake guyu bareng.
Bapake
Dipa : “Kene-kene nang lungguh kene tak
kandhani.” Ngongkon Dipa lungguh ing ndhuwur tumpukan sampah.
Dipa : “Inggih pak.” Dipa lungguh ing
tumpukan sampah ing ngarepe bapake.
Bapake
Dipa : “Dipa dadi anakke bapak, bapak ki
bangga banget karo kowe, merga kowe ngerti to gaweyane bapak ning sampah-sampah
regede kaya ngene ambune kaya ngene ning kowe ora tau isin, malah kowe bisa
gawe barang-barang sampah iki bisa dadi dhuwit, bisa nyenengke gurumu iya to?”
Dipa : “Inggih pak.”
Bapake
Dipa : “Makane kowe sekolah sing pinter,
yen kowe pinter kowe bisa gawe apa-apa. Anakke bapak tenan kowe.” (guyu lan
ngelus-ngelus sirahe Dipa)
Scene 6
Setting
: Emper omahe Dipa
Tokoh : Dipa lan kanca-kancane sekolah
Kanca-kancane
Dipa padha njaluk warah carane gawe barang-barang daur ulang. Dipa bayangake nalika
dhewekke diece-ece kancane, nanging amerga pikire sing pinter saiki
kanca-kancane padha ngajeni dhewekke.
Cuthel
0 komentar:
Posting Komentar