Bapak
Anggitane dh. Abadhinar
(kapethik saka Panjebar Semangat No. 14 – 2
April 2011)
Kithah-kithih den surung becak
Lumebu ngomah apayon blarak
Simbok ngebak-i dandang njur banyu dimasak
Gawe wedang jahe nggo siram panas cecepak
Dhuwit receh sinebar meja tanpa taplak
Sinambi slonjoran kesayahan pinarak
Pikolehan sedina muput kringet disuntak
Mbelani butuh tan kena disengkak
Gawang anlawung saiba rekasaning Bapa anggiyak
Tumekaning wengi ngengonthel sinengguh penak
Tan ngresula sesambat senajan abot sanggane
sajak
Sarwa gumujeng ampeyan kiyeng legawa tumindak
Udan nggreceh padinan mangsane rendheng
pendhak
Kebes njedhidhil ageman ing lendhut gupak
Esem legawa ulihmu senajan cethetheran leh
tindak
Ceceker ing dedalanan wiwit esuk nglabuhi anak
Bayaran sekolah lan pepantesing sandhang
pinacak
Rikala klakon gumilir sinangga kang abot ing
pundhak
Ngestokke dhawuh simbok tunggak jarak dadya
mrajak
Mbecak-a Bapa sira kekiprah-a agawe cingak
Eman Rama tan menangi lamun lawas anggone
tindak
Jengglingen sendheku ing pasareyan Bapak
Ngrerintih ngapa kondurmu ra kena diselak
Satemah asung kamulyan datan sama anglempak
Kasembadan saking puji pengestu andika mematak
0 komentar:
Posting Komentar