Tampilkan postingan dengan label Cerkak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerkak. Tampilkan semua postingan

Jumat, 11 Juli 2014

Cerkak Ora Mung Sepisan

ORA MUNG SEPISAN
Dening : Aida Nurjanah

Imah  bocah wadon sing eseme nyenengake ati, pawakane dhuwur singset, pokoe ayu tenan akeh bocah lanang sing senengane godhani dheweke. Nanging dheweke ora tau nggubris amarga dheweke kuwi anake pak kyai, bocah-bocah sing nggodhani dheweke yo apik-apik unine..
“Assalamu’alaikum mb Imah.. badhe tindhak pundi?” takone bocah-bocah lanang.
“Wa’alaikumsalam, arep menyang omahe budhe, wonten perlu napa nggih?” jawabe Imah kanthi alus banget.
“Ohh, boten wonten perlu napa-napa kok, mangga dipunlajengaken lampahipun, atos-atos nggih” jawabe bocah-bocah lanang mau.
“Nggih mas, matursuwun, mangga” walese Imah karo mesem bungahke ati sing nyawang.

Godhong-godhong wit padha tetiba katirak angin, udara kecampur bledhuk ngiringi lakune Imah menyang omahe budhene sing ora adoh saka omahe Imah.  Banjur wes tekan omahe budhene, Imah  karo budhene padha omongan, akeh banget sing diomongake termasuk kabar bapak ibu lan mbakyu-mbakyune Imah. Udakara 2 jam ning kana, Imah di telpon Bu Siti yaiku ibune sing isine Imah dikongkon balik. Banjur Imah balik lan terus pamitan.

Jebule ning omah, Imah wes ditunggu karo kancane wadon, irna jenenge. Irna kuwi kanca smpne Imah biyen.
“Pye Ir kabare? Suwe wis ora ketemu yoo?” pitakone Imah sing sepisan
“Apik Mah kabarku, lha kwe dhewe pie?  Koq tambah ayu wae , hehehe ” jawabe Irna takon meneh  lan ngelem Imah.
udakara ngunu kuwi mau pacelathone wong loro, Irna duwe ide kepriye yen ngadakake jalan-jalan karo kanca-kanca smp kabeh utawa reuninan. Imah ngiyani, setuju aring idene Irna kuwi...

Banjur, acara kuwi bakal dianakake 3 minggu meneh, Irna lan Imah ngei kabar kabeh kanca-kanca smpne, tanggepane kancane yo padha setuju, padha gelem. 3 dina sawise Irna rerembugan karo Imah, kanca-kanca kalebu Imah lan Irna rembugan meneh kanggo nentukake panggon lan wektune, banjur ana sing usul kepriye yen panggonanne ning pemancingan, mancing dhewe, masak dhewe lan dipangan bareng”. Kanca-kanca ana sing setuju ana uga sing orak setuju. Wektu ijek do bahas masalah panggonane kuwi, Imah meneng klakep nek ngerti panggonane ning pemancingan. Kanca-kanca pada gumun kenapa Imah kyak kuuwi, banjur Doni  kancane lanang takok,
“Kowe kenapa Mah? Kok meneng cep?” takoke Doni
Ning kana, Imah jek meneg durung bisa jawab, kira-kira 1 menit Imah nembe jawab.
“Ngapurane kanca-kanca kabeh, nek pancen panggonane ning pemancingan jujur aku ora bisa melu.” Jawabe Imah
“lha kenapa Mah? Koq ngunu?” takoke kanca liyane.
“Aku trauma karo sing jenege kali, segara, tambak apa apa waelah sing sakjenise kuwi” jawabe Imah karo pikirane cabang-cabang akeh.
“lho...h kok isa ngunu Mah? Emange kenang apa?” Saute kanca liyane meneh.
Kanca-kanca banjur bingung banget, amargane kanca-kanca wis akeh sing setuju menawa panggonane ning pemancingan, panggonane enak, adem, panganane yo gampang dipilih rasa bebarengan ya isa metu ning kana. Nanging kepriye yen Imah rak melu kok ya orak penak...
Imah ya padha wae bingung, iki ameh kepriye dheweke.
“Lha ngapa tho Mah? Rak isa dipeksa sithik traumamu kui Mah?” eyelane kanca-kancane Imah.
“orak yo..aku orak bisa tenan!” jawabe Imah..
“Lha kenapa tho Mah? Ayo crita marang kanca-kanca kabeh” peksane kanca-kancane Imah.
Imah orak duwe pilihan liya, akhire Imah crita marang kanca-kancane.
“Ndekbiyen, wektu aku cilik aku arep nusul bapakku ning sawah, dalane sawahe kuwi nglewati jembatan sing saka pring 3 dijejer-jejer. Aku lunga karo mbakyuku lan ibukku. Pas meh tekan pinggir ujuk-ujuk wae aku kepleset terus kejebur ning kali kuwi mau, aku sing iseh cilik orak ngerti apa-apa aku mung nangis karo ngundang-ngundang ibukku, sawise ibukku ngerti nek aku kejegur ning kali mau ibukku otomatis langsung melu jegur, nulungi aku. Sanajan aku wis mentas, aku ijek nangis amarga keweden banget atiku..

Kuwi sing sepisan, sing kaping lara, pas aku ning omahe budheku mburi omahe budheku kuiw ana segara sing asring akeh wong mancing, ning kana aku mung lunggah-lungguh karo nonton wong mancing, nanging delalah aku kok isa tiba meneh ning kali, padahl kuwi aku ya durung gedhe, ijek cilik. Banjur aku ditolongi karo bapak-bapak mancing mau. Kedadean lara kuwi mau wis cukup gawe aku wegah lunga marang kali, segara utawa tambak lan apalah sejenise kuwi. Nanging siji meneh kedadean aku kecegur kali, pas kuwi nembe wae udan deres, kali ning desaku kebak banyu. Kancaku padha dolanan ning pinggiring kali kuwi, bodhone aku kok ya melu-melu dolanan ning pinggiring kali mau. Sing dakpikirke lak ya kedadean tenan pisan meneh pengalamanku kecegur kali..

“Aduuh biyuung.....aku ki saksake salah apa? Kok ya ora mung sepisan kejegur ning kali. Mula saka kuwi kanca-kanca aku wis wegah mara sing jenenge ning kali lan sejenise. “
Saka crita kuwi mau kanca-kancane dadi ngerteni pangrasane Imah, banjur panggonan reuni diganti orak sida ning pemancingan. Diganti ning rumah makan byasa sing wis siap sedia mung garek mangan. Rapat reuninan wis bar, kabeh pada budhal balek.
“Imah ayu-ayu jebule kok cilike orak mung sepisan kejegur kali ya” amonge kancane Imah nggremengi Imah.
“Imah kan ya orak kepengin tho ngunu kuwi, kuwi kebenaran utawa takdir ya mung Allah sing ngerti.” Wislah aja ngrasani wong, sing penting kan apik kabeh.


Cerkak Ngapurane Ya Nur

Ngapurane Ya Nur....
Dening : Aida Nurjanah

Aku mung bocah cilik sing durung  ngerti apa-apa. Saiki aku nembe kelas 2 smp ing salah siji sekolah negeri kutha Semarang. Aku dudu anakke wong sugih, dudu anakke wong ndue, aku anak tunggal saka bapak lan ibukku. Nanging saiki aku mung tinggal karo simbahku amarga ibuk lagi kerja adoh dadi TKI ning Arab sawetara bapakku sampun tilar donya. Aku sayang banget karo simbah lan ibukku.

Dina iki aku sekolah kaya dina-dina biasane, jam setengah enem aku digugah karo Simbah.
“Ri...Amri..tangi Le..wes jam nem iki, ndang wudhu, shalat mundak telat mengko sekolahmu” ature Simbah gugah aku sinambi gawe sarapan kanggo aku.
“Inggih mbah....” saurku karo riyip-riyip kucek-kucek mata lan mudun saka paturon. Aku gregah tangi wudhu, shalat lan terus adus. Wes siap kabeh kinyis-kinyis tinggal mangkat, nanging sakdurunge mangkat aku di dhawuhi Simbah sarapan dhisik. Aku digawekake sarapan sega goreng karo Simbah, sinambi aku mangan, Simbah matur
“Le, mengko nek sekolah sing tenanan, mesakke ibuk sing golek duwit tekan adoh”
“Nggih mbah..Kula nggih saben bengi donga kengge ibuk, muga-muga ibuk wonten mrika sehat lan lancar anggenipun kerja mbah”
“Iya Le..Simbah yo donga kanggo ibumu, muga-muga apik kabeh, kowe aja lali shalate yo Le,
aja nggawe kecewane ibu lan Simbah”
“Nggih sampun, kula mangkat riyin nggih mbah, sampun telas niki sarapane, maturnuwun ya mbah.”
“iya Le, ati-ati ning dalan, mengko pas kowe balik, Simbah ora ning omah yo, lagi rewang ning Bu Lastri nduwe gawe.”
“Nggih mbah, Assalamu’alaikum.” Salamku karo salim marang Simbah.
“Wa’alaikumsalam Le.”

Aku mlaku metu omah, krek...krek...krek... swara lawang kayu tak buka, Bismillahirrahmanirrahim niatku mangkat sekolah.Aku mangkat nglewati dalan elek, kancaku padha mangkat numpak pit, aku mlaku yo orapapa, sing penting isa sekolah. Batinku muni.

Tekan sekolahan, aku seneng banget ketemu karo kanca-kancaku, padha crita-crita, ana sing dolanan ana uga sing lagi sinau nggarap tugas.Kalebu  Nuri kanca wadon sing senengane ngece aku, senenge tukaran karo aku nanging ora niat tukaran tenanan, mung guyon. Aku yo senenge ngece dheweke kanggo guyonan.
Palajaran dina iki wes rampung, aku langsung bali menyang omah. Langite katon terang, hawane panas, udara wes kotor kena polusi montor-montor tak irup aku balik nglewati dalan sing akeh wong mloka-mlaku nggolek dhuwit kanggo panguripan.

“Assalamu’alaikum” salamku lan mlebu omah, nanging swara hening, kahanan omah sepi amarga Simbah lagi lunga. Aku banjur salin lan mangan, sore iki jadwalku les BTAQ ning sekolahan jam 4 sore, mula aku langsung turu awan supaya mengko ora ngantuk pas les BTAQ.

Jam 3 aku tangi, adus langsung shalat. Pas nembe siap-siap swara lawang kebuka krek...krek...krek...
“Assalamu’alaikum” swarane simbah teka.
“wa’alaikumsalam, sampun wangsul mbah?” Sautku marani simbah lan salim tangane simbah.
“ Arep ning ndi Le? Kok wes rapi men?” Pitakone Simbah.
“ Badhe tindhak sekolahan mbah, wonten les BTAQ.”
“ Oh ya, sing sregep lan ngati-ati Le!”

Sore iki rasa-rasaku ana sing aneh, ora kaya dina-dina biasane. Jam setengah 4 aku wes tekan sekolahan, nanging Bu guru dereng rawuh. Sidane aku lan kanca-kancaku padha gegojekkan,
“ Ri...Amri.. kowe napa kok meneng wea? Kene awor karo kanca-kanca. Ayo rene!” undange Nuri.
“ Meh mbok jak nopo Nur?” takonku
“ Ayo rene!!!” undange Nuri karo ngawe-awe aku.  Sakdurunge aku tekan grombolane bocah-bocah, nuri ngenyek aku.
“ Amri elek, cah cilik..” ecene Nuri karo mlayu.
“ kowe yo elek!!” balesku karo ngoyak Nuri, nanging ora kena-kena.
“ ora kena..ora kena..” saure Nuri

Aku sepintas jupuk sulak sing ana ning meja guru, banjur pas ameh tak balangke Nuri, dheweke malah mengo madhep aku, mak jleb sulak sing tak balangke mau kena mripate Nuri. Lansung getih tumetes moncrot saka mripate Nuri, aku lan kanca-kanca kabeh gugup. Rasaku campur aduk wedi, mesakke pokoke campur aduk. Aku ndrerek wedi bangeeeet.... kanca-kanca padha wae wedi ora wani nulungi Nuri, kancaku Rifki langsung menyang kantor guru nglapor yen ana kedadean kaya iki.  Pihak sekolahan langsung telpon ambulan Nuri digawa menyang rumah sakit.

Kanca-kanca ana sing nyalahke aku, ana uga sing ngayem-ayemke atiku. Aku bingung, wedi. Les BTAQ sore kuwi ora sida, kanca-kanca padha bali termasuk aku padha wae balek omah. Bengi-bengi aku cerita kabeh marang Simbah, Simbah ya padha wae bingung kudu piye...
Sakwise kedadean wingi sore aku ora wani mangkat sekolah nganti 2 dina. Simbah telpon ibuk terus  ibuk badhe wangsul ning Semarang seminggu meneh tekan.

3 dina kepungkur kedadean paling tak wedeni kelewat, aku nembe mangkat sekolah, dina kui Nuri durung mangkat sekolah. Jek ana rumah sakit
Sakwise ibukku wangsul, dugi Semarang aku, Simbah lan ibuk langsung tilik Nuri ning rumah sakit. Njaluk ngapura karo Nuri lan keluargane Nuri, Ibu menehi duwit kanggo pengobatane Nuri.

Udakara sebulan, Nuri wes mangkat sekolah, nanging mripat tengene wuta ora bisa kanggo ndelokki. Dadi Nuri mung isa ndelokki nganggo mripat kiwane.
“ Ngapurane ya Nur..” batinku muni karo ngewaske Nuri.