Sabtu, 12 Juli 2014

Geguritan Piwelinge Simbah

Piwelinge  Simbah Wadon
Dening : Aida Nurjanah

Rigma sampun boten cemeng malih
Ragane mung kari balung lan kulit
Wengi kang ngatentremke ati
Angin kang nerak wengi iki
Dadi saksi piwelinge simbah wengi iki marang putune

Ngger putuku,,
Nalikane jaman wis ora mihak awakmu besuk
Nalikane jembatan kabeneran wus ora bisa dilewati maneh
Nalikane manungsa maleh dadi kewan

Aja lalikke piwelinge simbah wengi iki
Tansah ngabdia marang wong tuwamu lan Gusti
Sanajan kabeh kahanan mau kadadean marang sliramu
Atimu ora bakal goyah karo ajak-ajakane setan alas
Setan alas sing nggeret kowe lan kabeh manungsa mlebu kolam geni
Kolam geni sing kekal

0 komentar:

Posting Komentar