Noleh
Memburi
Anggitane Sumono Sandy Asmoro
(kapethik saka Panjebar Semangat No. 49- 3
Desember 2011)
Noleh memburi
Nyawang bulakan sawah lan pategalan
Mandeng ijone suket lan gegodhongan
Ngulati impen kang nate gogrog sadawane dalan
Ing galengan iki sikilku nate kesandhung
Nalika kumricike banyu kalen
Gawe wirama kasepen
Nyawang abure kuntul bablas mangidul
Noleh memburi nyawang birune langit kang
nyimpen lintang-lintang gumebyar
Ana kang dak rasa gothang ing alam gumelar
Nalika kembang arum dalu gogrog ing latar
Sadurunge cangkriman wengi rampung kababar
Noleh memburi
Nintingi dina-dina sepi
Mbatang cangkriman mangsa
Kang kebak petung lan tandha-tandha
0 komentar:
Posting Komentar