Jumat, 11 Juli 2014

Geguritan Angen-angen

ANGEN-ANGEN

Anggitane Soestrisno
(kapethik saka Penjebar Semangat N0.14 surya kaping 7 April 2012)
Obahing raga...Ketarik getering rasa
Rasa sejati thukul saka telenging ati
Ati...apa kena takguroni?
Raga...apa bisa nggayuh suwarga?
Oh...kadangku sakarone
Ya Ati...ya Raga
Aja padha sulaya
Aku rep meling
Ati...tilingna sabdaning Gusti
Rina lan Wengi
Tindakna wedharing sabda
Kanthi tulusing Ati
Raga...bisa gawe menara
Nganti sundhul angkasa
Yen ta linambaran ati suci
Budi santoso
Sinartan sih rahmat
Berkahing gusti

Kang maha kuwasa

0 komentar:

Posting Komentar