Jumat, 27 Juni 2014

kelenteng Gedung Batu (Sam Poo Kong) Part 4-selsai


Kira-kira sesasi anggone Laksamana Cheng Ho tapa, Laksamana lan bregadane mrani kerajaan Raja Gajah putih. Laksamana ora arep perang nglawan Raja Gajah Putih, Laksamana nduwe cara kang luwih apik yaiku diploma.
Raja Gajah Putih ora siap katekan Laksamana Cheng Ho, dheweke bingung nglawan Laksamana Cheng Ho lan bregadane. Laksamana mung taka smabi ngguyu.
“Mengko dhisik Raja Gajah Putih, aku arep ngomong marang sliramu.”
“Ana  apa kowe Cheng Ho? Kowe arep ngalawan prjurit-prajuritku maneh? Apa ora wedi kalah kowe?”

Laksamana Cheng Ho ora mangsuli, anangin Laksamana Cheng iku ora keentekan akal,  dheweke wau nduweni akeh kewasisan salah siji kewasisane yaiku ing babagan bahasa. Laksamana Cheng Ho nglawan Raja Gajah putih ora perlu ngginakake kekuwatan,  Laksamana Cheng Ho namung berdiplomasi kaliyan Raja Gajah Putih.

Raja Gajah Putih gugu wae apa kang dingendikakake kaliyan Laksamana Cheng Ho. Raja Gajah Putih banjur balekake Cap Giok mau ing Laksamana Cheng Ho, ananging salah siji anakke Raja Gajah sing ora sarujuk karo carane kuwi. Banjur dheweke ngoyak Laksamana Cheng Ho lan areo dibedih supaya ora mati lan ora ana sing duweni giok mau kajaba raja Gajah Putih.
Raja Gajah Putih ora mung meneng weruh kadadean kuei, dheweke langsung nyegah anakke. Raja Gajah putih ora kepengen duwe muduh, mula saka iku Raja Gajah putih lan Laksamana damai lan dadi saudara.

Banjur Laksamana Cheng Ho lan bregadane Kondur menyang kratonipe ing Cina selatan. Ananging ing satengahing lautan Hindia kapal sing dipuntumpaki katerak dening ombak.  Uga ing satengahing lelakon ana salah sijine prajurit kang lara abot. Laksamana Cheng Ho banjur ngutus nahkoda supaya mandek ing pelabuhan simongan sing saiki diarani mangkang ing Semarang.

Laksamana Cheng Ho, Nahkoda lan bregada banjur mbangun masjid kangge papan istirahat  uga papan kanggo ngibadah Laksaman. Pirang-pirang dina Laksamana lan bregadane urip ana ing Semarang nyebarake agama lan guyup rukun karo masarakat Semarang. Salah siji bregadane sing lara mau wis rada waras larane banjur Laksamana Cheng Ho lan sebagian bregadane balik ing Kerajaan Beijing.  Sawetara sebagian bregadane tinggal ing Semarang ing masjid mau. kanggo penghormatan marang Laksamana Cheng Ho bregada sing netep ing Semarang mau gawe bangunan patung Laksamana Cheng Ho supaya dikenal masarakat. Saya sewu masjid mau ngaleh fungsi, yaiku dadi klenteng panggonane ngibadah yiyang . Saya suwe uga bangunane dadi ombo lan gedhe banget. Saiki uga wis dikenal  Sam Poo kong yaiku saka jeneng cilike Laksamana Cheng Ho. Sawetara aran Gedung batu amarga panggonae klenteng mau ana ing biyene watu gedhe.
Sawetara iku Laksamana Cheng Ho lan sebagian prajurit mulih ing Kerajaan ian selatan. Laksamana Cheng Ho didadekake Raja utama ing kerajaan amarga kasuksesane gawa bali cap giok maneh ing kerajaan.


0 komentar:

Posting Komentar