Kamis, 26 Juni 2014

Kelenteng Gedung Batu (Sam Poo Kong) Part 2

Perang kadadean kanthi mati-matian, kubu sakloron pada-pada kuwate. Pada oa gelem kalah, pada njaga kerajaan lan Rajane kanthi jiwa raga. Ananging Dinasti Yuan kalah strategi. Dinasti Yuan lan sakbregadanipun kalah, perang iku dimenangake Dinasti Ming, prajurit saka Dinasti Yuan ora bisa mageri kerajaan. kabeh prajurit kelebu bapakke Cheng Ho gugur ing perang iku. Kerajaan Dinasti Yuan rusak kabeh, bobrok sak raja-rajane.
Sawetara kuwi Kabeh pamuda  ditangkap lan digawa maring Dinasti Ming, kalebu Cheng Ho amarga dheweke ora manut apa kang diprintahke bapakke supaya ora metu saka ngomah. Mula saka kuwi Cheng Ho katut ditangkep karo prajurit Dinasti Ming.

 Ana ing Dinasti Ming para pamuda didadekake kasim utawa pembantu istana. Cheng Ho uga kelebu dadi kasim ing istana Ming. Nanging ora let suwe Cheng Ho dikirim ing Raja Zhu Di istana Beiping (Beijing). Para pemuda pada manut lan nindakake kabeh printahe Raja Ming kalebu larang-larangan supaya ora klayapan marang njaba istana. Ing wektu iku mung kerajaan Dinasti Ming sing mardika.


Ana ing kerajaan Beiping, Raja Zhu Di ngerti kabeh kewasisane Cheng Ho. Cheng Ho uga nduweni awak kang gagah lan wibawa. Suwe suwe Raja Zhu DI kepengin dadikake Cheng Ho salah sijine pemimpin tahta. Cheng Ho bisa dadi pemimpin kang tanggung jawab lan wicaksana. Dhewekke mimpin kanthi adil ora mban cindhe mban siladan.
Saksuwene Cheng Ho mimpin salah satunggaling tahta kanthi becik, Raja Yang Ong ngaturi Cheng Ho kanthi gelar anyar, yaiku Laksamana Cheng Ho. Saiki Laksamana Cheng Ho wis ora dikuwatirake anggone nyetir kapal-kapal gedhe ing samudra luas. Laksamana Cheng Ho dadi nahkoda kang ora diragukake kewasisane nglakokake kapal.

Saknalika dina, ing kerajaan Beijing Laksamana Cheng Ho dipuntimbali kaliyan  Maharaja Yang Ong. Laksamana Cheng Ho dipunutus kaliyan Yang Ong layar kangge nglakokake misi dagang lan nambah populer Dinasti Ming ing masyarakat. Cheng Ho dados pemimpin ing layaran wektu iku.

Laksamana Cheng Ho uga nyebarake ajaran agama Islam, marang prajurit-prajurite uga marang masarakat sing disinggahi ing perjalanan. Laksamana Cheng Ho dimangerteni masarakat pemimpin ingkang sae lan agamis.

Sawetara taun-taun kelakon Laksamana Cheng Ho wis berlayar kanthi akeh banget. Laksamana Cheng Ho saiki dadi perwira angkatan laut sing kendel lan nduwe akeh pengalaman. Kabeh tugas dilaksanakake kanthi tanggung jawab lan ora nguciwani kanggo Maharaja Yang ong.

Raja Gajah putih yaiku Raja saka kidul, Raja kang kepengen anduweni pusakane kerajaan Beiping, yaiku Cap Giok Mi Touw. Mula saka iku Raja gajah Putih nglakoni pirang-pirang cara supaya bisa njupuk Giok kuwi mau saka Raja Yang Ong. Banjur ing sanalika dina, Raja Gajah putih mengadakan sayembara kerajaan “barang siapa yang bisa mengambilkan Cap Giok Mi Tiouw milik Raja Yang Ong tanpa terbunuh akan diberinya imbalan kapal layar yang sangat besar.” 

0 komentar:

Posting Komentar