Nalika
jaman semanten, udakara 900 taun kepungkur wonten tiyang ingkang sipatipun sae,
wicaksana tanggung jawab lan bagus praupane. Tiyang menika asmanipun Sam Poo
Thay Kam ingkang lair wonten ing Khoen Jang, propinsi Hoen Lam Yunanni, Ananging
Sam Poo Thay Kam kaliyan kaluwargane tinggal ing wilayah kraton cina selatan. Samp
Po Thay Kam lair nalika pimpinan kerajaan Bing Tay Tjouw. Nama aslinipun Sam
poo Thay Kim nanging wektu cilik diceluki Laksamana Cheng Ho, kluwarganipun Cheng Ho menika nganut agami
islam.
Satunggaling
wengi, Ibune Cheng Ho wungu saka sarenipun, lajeng mikir-mikir arep dadi apa
anakke mbesuk umpama yen wis gedhe. Ibune Cheng Ho kepengen anakke ora dadi
prajurit, kuwatir yen Cheng Ho ora kuwat marang agamane. Lajeng ing
satunggaling dinten Ibunipun kepengin ngerti apa cita-citane Cheng Ho.
“Ngger
anakku, kepiye anggonmu sinau dina iki?”
“Sae
mawon Bu,”
“Kepingin
dadi apa kowe mbesuk ngger?”
“Kula
kepengin ngabdi wonten ing kerajaan kemawon Bu.”
“Oo,
ya apik, muga-muga dadi kanyatan ya Ngger.”
“Inggih
bu, amin.”
Cheng
Ho lan kaluwargane bungah banget, susah seneng pada dilakoni bebarengan lan ora
tau nggresula. Bapakke Cheng Ho iku ngabdi ing kerajaan Cina Selatan Dinasti
Yuan. Piyambakkipun anggadahi wibawa, ora gampang nyerah lan kuat ngibadahe.
Bisa dadi tuladha kanggo Cheng Ho lan prajurit-prajurit liyane. Bapakke Cheng
Ho tansah ndidik Cheng Ho supaya dadi wong lanang kang tanggung jawab marang
jejibahane.
Nalika
Cheng Ho umur 12 taun, Dinasti Yuan Cina Selatan dijajah kerajaan Dinasti Ming.
Bapakkipun Cheng Ho lan prajurit-prajurit diutus kaliyan Raja Dinasti Yuan
supaya perang jiwa raga kanggo njaga kerajaan Dinasti Yuan. Bapakkipun Cheng Ho
pamit marang garwane lan putrane Cheng Ho. Bapakke nglarang Cheng Ho suupaya
ora metu saka ngomah nalikane Dinasti lagi dijajah lan dokongkon njaga ibune.
Sedih anggone Ceng Ho nglilakake bapakke perang jiwa raga. Ananging kuwi mau
wis dadi jejibahane prajurit kerajaan. Ibunipun Cheng uga ora isa nahan loh
sing tumetes ing pipine nyeksekake sigaraning nyawane ninggalake sampe wektu
sing ora dingerteni.
0 komentar:
Posting Komentar