“Laksamana
Cheng Ho, ngerti ora apa panyebabe sampean tak dhawuhi mrene?”
“Agunging pangarsani
Ingkang Mulia. Kula boten mangertos saestu, kula boten mangertos maksud
panjenengan Ingkang Mulia.” (wangsulanipun Laksamana Cheng Ho kanthi swara
gemeter)
“Perlu sampeyan
ngerteni yen cap ‘Giok Mi Touw’ sing dadi pusakaku ilang.”
“Maksudipun Ingkang
Mulia, dipuncolong tiyang sanes?” pitakenanipun Laksamana Cheng Ho ora sabar.
“Ya bener, dicolong wong.”
“Ingkang Mulia
mangertos sinten tiyang menika?”
“Miturut
katrangan juru nasehat kraton sing jupuk cap ‘Giok Mi Tiouw’ yaiku Raja Gajah
Putih saka kidul.”
“Lajeng
menapa ingkang kedhah kula lampahi, Ingkang Mulia?”
“Golekana
cap ‘Giok Mi Touw’ iku nganti ketemu.
“Inggih
Ingkang Mulia, badhe kula lampahi kanti sesae-saenipun.”
“Iya
maturnuwun, Ngajaka bregada kanggo ngancani anggonmu perang.”
Laksamana
Cheng Ho kaliyan bregodonipun lajeng budhal perang. Piyambakipun nggawa prajurit
27.800 lan 62 kapal. Ana ing perjalanan Laksamana Cheng Ho tansah donga lan
njaluk pitulunge Gusti supaya anggone perang lan njuupuk Goik mau slamet lan
ora ana alangan sing gawe Laksamana Cheng Ho kalah lan ora isa nglakoni apa
sing didhawuhi Raja Yang Ong.
Sawetara
iku ing kerajaan Gajah Putih wis ngerti apa tujuane Laksamana Cheng Ho mara ing
kerajaanne. Mula saka iku Raja Gajah Putih wis nyiagakake kabeh prajurit bekta
senjata kang jangkep ngenteni tekane Laksamana Cheng Ho.
Seminggu
suwene nglawan ganasipun lautan Hindia, Laksamana Cheng Ho lan bregodonipun
sampun dugi ing kratonipun Raja gajah Putih . Laksamana Cheng Ho kaget
mangerteni yen kabeh prajurite Raja
Gajah Putih nggawa senjata siap nembaki bregadane Laksamana Cheng Ho.
“Ana
apa kowe rene Laksamana Cheng Ho?”
“Dak
kira panjenengan wis ngerti apa maksut lan tuanku mrene Gajah Putih”.
“Ora,
la ana apa Laksamana, wis kesuwen...” serang !!!!!
Kubu
sakloron perang saknalika iku uga. Raja gajah putih ngerahke kabeh pasukan lan
kakuwatane. Sawetara iku pasukan Laksamana Cheng Ho kurang persiapan, akeh
prajurite Laksamana sing tewas lan gugur ing papan panggonan perang. Laksamana
Cheng Ho kalah ing peperangan iku, awake lungrah kena pedange prajurit Raja
Gajah Putih.
Laksamana
Cheng Ho bingung kudu nglakoni cara apa supaya bisa njupuk Giok Raja Beijing
maneh. Laksamana bali ing kapal karo
bregadane, leren sinambi mikir cara nglawan Raja Gajah Putih sing wis kuwat
anggone nglindungi Giok mau. Laksamana bingung kepriye biyene Cap Giok bisa
dijupuk Raja Gajah putih nganggo cara apa. Laksamana tapa sawetara dina, supaya
oleh cara kang ora ngrugeake kabeh lan
isa bungah kabeh.
0 komentar:
Posting Komentar