Kira-kira
sesasi anggone Laksamana Cheng Ho tapa, Laksamana lan bregadane mrani kerajaan
Raja Gajah putih. Laksamana ora arep perang nglawan Raja Gajah Putih, Laksamana
nduwe cara kang luwih apik yaiku diploma.
Raja
Gajah Putih ora siap katekan Laksamana Cheng Ho, dheweke bingung nglawan
Laksamana Cheng Ho lan bregadane. Laksamana mung taka smabi ngguyu.
“Mengko
dhisik Raja Gajah Putih, aku arep ngomong marang sliramu.”
“Ana apa kowe Cheng Ho? Kowe arep ngalawan
prjurit-prajuritku maneh? Apa ora wedi kalah kowe?”
Laksamana
Cheng Ho ora mangsuli, anangin Laksamana Cheng iku ora keentekan akal, dheweke wau nduweni akeh kewasisan salah siji
kewasisane yaiku ing babagan bahasa. Laksamana Cheng Ho nglawan Raja Gajah
putih ora perlu ngginakake kekuwatan, Laksamana
Cheng Ho namung berdiplomasi kaliyan Raja Gajah Putih.
Raja
Gajah Putih gugu wae apa kang dingendikakake kaliyan Laksamana Cheng Ho. Raja
Gajah Putih banjur balekake Cap Giok mau ing Laksamana Cheng Ho, ananging salah
siji anakke Raja Gajah sing ora sarujuk karo carane kuwi. Banjur dheweke ngoyak
Laksamana Cheng Ho lan areo dibedih supaya ora mati lan ora ana sing duweni
giok mau kajaba raja Gajah Putih.
Raja
Gajah Putih ora mung meneng weruh kadadean kuei, dheweke langsung nyegah
anakke. Raja Gajah putih ora kepengen duwe muduh, mula saka iku Raja Gajah
putih lan Laksamana damai lan dadi saudara.
Banjur
Laksamana Cheng Ho lan bregadane Kondur menyang kratonipe ing Cina selatan.
Ananging ing satengahing lautan Hindia kapal sing dipuntumpaki katerak dening
ombak. Uga ing satengahing lelakon ana
salah sijine prajurit kang lara abot. Laksamana Cheng Ho banjur ngutus nahkoda
supaya mandek ing pelabuhan simongan sing saiki diarani mangkang ing Semarang.
Laksamana
Cheng Ho, Nahkoda lan bregada banjur mbangun masjid kangge papan istirahat uga papan kanggo ngibadah Laksaman.
Pirang-pirang dina Laksamana lan bregadane urip ana ing Semarang nyebarake
agama lan guyup rukun karo masarakat Semarang. Salah siji bregadane sing lara
mau wis rada waras larane banjur Laksamana Cheng Ho lan sebagian bregadane
balik ing Kerajaan Beijing. Sawetara
sebagian bregadane tinggal ing Semarang ing masjid mau. kanggo penghormatan
marang Laksamana Cheng Ho bregada sing netep ing Semarang mau gawe bangunan
patung Laksamana Cheng Ho supaya dikenal masarakat. Saya sewu masjid mau ngaleh
fungsi, yaiku dadi klenteng panggonane ngibadah yiyang . Saya suwe uga
bangunane dadi ombo lan gedhe banget. Saiki uga wis dikenal Sam Poo kong yaiku saka jeneng cilike
Laksamana Cheng Ho. Sawetara aran Gedung batu amarga panggonae klenteng mau ana
ing biyene watu gedhe.
Sawetara
iku Laksamana Cheng Ho lan sebagian prajurit mulih ing Kerajaan ian selatan.
Laksamana Cheng Ho didadekake Raja utama ing kerajaan amarga kasuksesane gawa
bali cap giok maneh ing kerajaan.