Sabtu, 12 Juli 2014

Naskah Drama Anjang-Anjang

Anjang-anjang
Scene 1
Ing wayah sore, ana bocah cilik mandengi bapak-bapak lagi njupukki sampah. Sing katon amung wayangan bocah cilik.
Backsound geguritan :
Cah…..
Sanggane wong urip iku ora padha
Abot enthenge beda-beda
Gumantung ana ing rasa
Rasa saka ngarsane Gusti…
Yen isa njamak kanthi setiti
Dalane dadi padhang
jangkahe dadi rikat
lan sanggane dadi entheng…
Yen nuruti landhepe ilat
Aku iki diarani wong mlarat
Ning…. apa iki sing diarani kodrat?
Apa ala yen aku tiru-tiru pitik
Sing golek pangan saka tumpukan larahan?
Cah…
Kabeh wis dadi mantepe atiku
Suket ron dadi pengayom
sato kewan dadi kekancan
Watu lemah dadi berkah…
Gusti….
Ana ing ngarsamu aku pasrah

Masrahake garise uripku
Scene 2
Setting             : Siyang, Cakruk
Tokoh              : Dipa, Putra, Leni, Alvin, Adi
Ing cangkruk ana Leni lan Alvin lagi padha jagongan.

Leni                 : “ kanggo tugas sesok arep nggawa apa Vin?”
Alvin               : “ tugas saka ibu guru sing  kon nyeritake babagan pagaweyane bapake dhewe-dhewe kae?”
Leni                 : “iya Vin, sekaliyan nggawa piranti sing biyasane di asta bapake dhewe, piye awakmu arep nggawa apa?”
Alvin               :”Aku gawa apa ya?”
Leni                 : “Eh eh Vin, la Dipa sing anakke pemulung kae arep nggawa apa ya? Mosok meh nggawa sampah?”
Alvin               : “Hiiiii nggilani ! Njinjiki.” (nutup irunge)
Leni                 : “Yawis ayo marani Adi”
Leni lan Devi mudun saka cakruk marani Adi ing ngarepan cakruk.
Alvin               : “Adi ning endi ya kok ora teka-teka?” (ingak-inguk)
Leni                 : “La kae Adi teka.” (nuding tangane)
Adi nyauri saka adohan, diboncengake mbakyune.
Adi                  : “Hey” (ngadek saka Jok motor)
Adi mudun saka motor lan salim marang mbakyune,
Mbakyune Adi            : “Ati-ati ya.”
Adi                  : “Inggih.”
Leni                 : “Kok suwimen to ora teka-teka?”
Adi                  : “Iya iya mengko dhisik.”
Leni                 : “Ayo omong-omongan ning gerdu.”
Bocah telu padha mlaku ing gerdu lan nyambungake anggone padha jagongan.
Adi                  : “Kok do gayeng men, do ngomongke apa to?”
Alvin               : “Ki lo ngomongke tugase bu guru sesuk, kowe arep gawa apa Di?”
Adi                  : “Oh kuwi, aku kan gampang bapakku kan polisi dadi aku isa gawa sempritan.”
Leni                 : “Aha, bapakku kan dokter dadi aku bisa gawa stetoskop. La Vin awakmu sesuk arep gawa apa?” (Mlengok ing Alvin)
Alvin               : “Aku gawa apa ya? Mbuh  bingung, pikir sesuk wae ah! Aku males.”
Leni                 : “Eh Di, aku mau karo Alvin nembe ngomongke Dipa anakke pemulung kae Di, mosok meh gawa sampah ya Di?”
Jebul ing tong sampah ngarep gerdu, Dipa karo Suryo nembe golek sampah  kang bisa didaur ulang.
Adi                  : “Wis wis aja kaya ngunu, kae wonge teka lo.” (Mlinguk ing arag tong sampah ngarep gerdu)
Leni                 : “Endi to?” (mlinguk ugi)
Adi                  : “Dip, Sur rene.” (Ngawe-awe Dipa lan Suryo)
Dipa lan Suryo mandhek anggone ngorek-orek sampah, lan padha pandeng-pandengan.
Dipa                : manthuk-manthuk lan yauri “Iya”
Dipa lan Suryo marani kanca-kancane ing gerdu. Suryo ngomong saka ngisor gerdu.
Suryo               : “Aku gawa sampah, reged ig.” Karo ndudohake sampah sing digawa
Adi                  : “Yawis kowe ning kono wae aku arep omong-omong mbe kowe.”
Leni                 : “Ih, nggilani! Mambu! La kowe?”mlengok ing Alvin lan nutup irunge
Alvin               : “Uweeeukkkkk.” kaya-kaya arep mutah
Bocah telu mau padha ngguyu ngece.
Suryo               : “Heh heh ora kabeh  wong mulung kuwi reged, gumantung karo manungsane dhewe-dhewe.”
Dipa                : “Wis sur, wis ben ora papa.”
Surya               : “Mengko ndhisik Dip, ben bocah-bocah ngerti  nadyan urip sak ubenge sampah  nyatane awakmu lan keluargamu isa sehat bebas saka penyakit.”
Dipa                : “Yawis ben Sur, kan kae wong-wong sugih.”
Suryo               : “Yawis Dip, ayo mulih wae.”
Dipa manthuk-manthuk
Adi, Alvin lan Leni padha nyoraki lan bebarengan ngomong “Huuuuuuuu” lan guyu ngece.
Scene 3
Setting             : Rumah, sore
Tokoh              : Dipa lan Bapak
Dipa lagi lungguh gawe kitiran ing ngarep omah, bapake maran.

Bapak              : “Kowe lagi ngapa nang?”
Dipa                : “Iki lo Pak, lagi gawe kanggo tugase ibu guru sesuk.”
Bapak              : “Tugase apa nang?”
Dipa                : “Dipa diutus gawe crita babagan pagaweyane Bapak lan gawa piranti kang biasane diasta Bapak nalika kerja.”
Bapak              : “Kowe ora isin nyritakake pagaweyane Bapak?
Dipa meneng karo dingkluk. Banjur, nyawang Bapake.
Dipa                : “Boten Pak.” (Mesem bombong)
Bapak              : “Oh ya pinter-pinter, bapak bangga karo kowe, anakke bapak tenan.” (ngelus-elus sirahe Dipa.
Scene 4
Setting             : Sekolahan, esuk
Tokoh              : Dipa, guru, para murid
Gendera merah putih, bel sekolah. Ing njero kelas, para murid maju siji-siji nyritakake pagaweyane bapake dhewe-dhewe.

Leni                : “Pagaweyane bapakku yaiku dokter  saben esuk bapakku mangkat nganggo seragam putih-putih, bapakku bisa nambani wong lara, panggonane kerja bapakku ing rumah sakit, bapakku gunakake iki saben kerjane.”
Ibu guru lan Para kanca padha keplok.
Adi                  : “Bapakku yen kerja ngagem seragam coklat, senenge nyemprit-nyemprit(nyebul sempritan)
kanca-knca      : ‘Waahhh, bapakmu tukang pakir ya ?”
Adi                  : ‘Hii ya ora ta, ngece nemen bapak kui dudu tukang parkir, bapakku polisi kok. “
Kanca-kanca padha ngguyu Adi.
Ibu guru          : “Paring keplok kangge Adi. Saklajenge Devi ayo maju.”
Devi maju ing ngarep.
Devi                : “Pagaweyane bapakku yaiku DPRD. Saben mangkat kerja nganggo Jas lan sepatu sing kinclong lan resik banget. saben kerja bapakku ngasta iki (nunjukake tablet).”
kancane           : “Loh, DPR kok nggawa tablet?”
Devi                : “Iya ta supaya ora ngantuk kok anggone rapat.”
parakanca        : “Huuuuuuuuuuuuuu!!!!” padha nyoraki Devi.
Ibu Guru         : “Hus hus, mendel ampun ngoten ta ayo padha paring keplok kanggo Devi.
Ibu guru lan Para kanca padha keplok.
Ibu guru          : “Saklajenge Dipa ayo maju.”
Dipa maju ing ngarep, maju gawa kitiran kanthi bingung  meh miwiti ceritane.
Dipa                : “Bapakku... Bapakku... Bapakku..”
Kancane          : “Bapakmu ngapa Dip?”
Dipa                : “Bapakku yen kerja ora ngagem seragam, Saben dina bapakku gawe dalan-dalan resik. Njipuki barang ana ing tempat sampahe wong kang miturute wong liya wis ora ana gunane. .bapakku gaweyane mulung.
Adi                  : “Banjur apa sing kok gawa?sampah?? hahahha”
Dipa                : “Iya,aku gawa sampah merga pirantine kerja bapakku ya sampah. Nanging sampah sing tak gawa bisa migunani.
Guru lan kanca-kanca padha ngadeg lan keplok bareng-bareng.
Guru                : “Iki lo cah, kaya Dipa  isih cilik wis kreatif. Dip, yen awakmu gelem sesuk coba pakaryanmu iki dititipake ing koperasi sekolah ya,sokur bage bisa kemedol.”
Pejaga sekolah nglonceng nandakake yen sekolh wis paripurna.
Para murid salim marang Ibu guru.
 Scene 5
Setting             : Ing kerjaane bapake Dipa
Tokoh              : pemulung liyane, Bapake Dipa, lan Dipa

Dipa                : “Bapaak...” (marani bapake)
Bapake Dipa   : “Eh, Dipa piye Nang?”
Dipa                : “Niki pak unjukane.”(Ngaterake wantah)
Bapake Dipa ngunjuk wedhang saka Dipa
Dipa                : “Pak mau Dipa diaturi buguru, dikengken nitipake barang-barang daur ulang ing koperasi sekolah pak.”
Bapake Dipa   : “Oh ya pinter ditabung ya Le sapa reti usahamu bisa sukses Nang. Bapak bombong banget karo Dipa.”(ngelus-elus sirahe Dipa)
Dipa lan Bapake guyu bareng.
Bapake Dipa   : “Kene-kene nang lungguh kene tak kandhani.” Ngongkon Dipa lungguh ing ndhuwur tumpukan sampah.
Dipa                : “Inggih pak.” Dipa lungguh ing tumpukan sampah ing ngarepe bapake.
Bapake Dipa   : “Dipa dadi anakke bapak, bapak ki bangga banget karo kowe, merga kowe ngerti to gaweyane bapak ning sampah-sampah regede kaya ngene ambune kaya ngene ning kowe ora tau isin, malah kowe bisa gawe barang-barang sampah iki bisa dadi dhuwit, bisa nyenengke gurumu iya to?”
Dipa                : “Inggih pak.”
Bapake Dipa   : “Makane kowe sekolah sing pinter, yen kowe pinter kowe bisa gawe apa-apa. Anakke bapak tenan kowe.” (guyu lan ngelus-ngelus sirahe Dipa)
Scene 6
Setting             : Emper omahe Dipa
Tokoh              : Dipa lan kanca-kancane sekolah
Kanca-kancane Dipa padha njaluk warah carane gawe barang-barang daur ulang. Dipa bayangake nalika dhewekke diece-ece kancane, nanging amerga pikire sing pinter saiki kanca-kancane padha ngajeni dhewekke.
                                                         Cuthel

Naskah Drama Bahasa Jawa

Legenda Kelenteng Gedung Batu
(Sam Poo Kong)

Nalika jaman semanten, udakara 700 taun kepungkur wonten tiyang ingkang sipatipun sae, wicaksana tanggung jawab lan bagus praupane. Tiyang menika asmanipun Sam Poo Thay Kam ingkang lair wonten ing Khoen Jang, propinsi Hoen Lam Yunanni. Samp Po Thay Kam lair nalika pimpinan kerajaan Bing Tay Tjouw. wilayah kraton cina selatan, wonten satunggaling kluwarga ingkang nganut agami islam. Keluarga menika anggadhahi putra jeler ingkang namanipun Ma Huan, Ma Huan menika lare ingkang wasis. Tiyang sepuhipun Ma Huan ngadhahi kekarepan menawi putranipun besuk, dados tiyang ingkang pangkatipun inggil lan dipunkurmati.
Sepuluh taun wis kepungkur, Ma Huan ngabdi kaliyan Maharaja Yang Ong. sejatosipun Ma Huan anggadhahi keunggulan wonten ing bidang bahasa, piyambakipun saged pinten-pinten bahasa kalebu bahasa Cina temtunipun. Sanesipun, Ma Huan uga anggadhahi sipat-sipat sae, piyambakipun rajin, lan sanesipun. Saking menika lajeng Ma Huan dipudadosaken juru bahasa lan sekretaris kerajaan. Dheweke dipunkaryakaken kaliyan Laksamana Cheng Ho.
            Laksamana Cheng Ho inggih menika perwira angkatan laut ingkang wantun lan pengalamanipun kathah.  Pinten-pinten panjenenganipun sukses kanthi sae nglaksanakaken tugas kenegaraan
Wonten ing satunggaling dinten, Laksamana Cheng Ho dipuntimbali kaliyan  Maharaja Yang Ong.
Ibu Ma Huan   : “Ngger, awakmu saiki wis gedhe, pinter sekabehane apa maneh ana ing bab basa, lha karepmu saiki arep piye kanggo masa dhepanmu?”
Ma Huan         : “Nggih Bu, kula kepingin dados punapa kemawon wonten ing nagari Cina Selatan, kula kepingin ngabdi kaliyan nagari.”
Ibu Ma Huan   :”Yo wis, nek kaya ngunu, saiki awakmu ayo dak ter menyang nagari sowan kaliyan raja Yang Ong.”

Lajeng Ibu Ma Huan ngeterke Ma Huan sowan wonten ing nagari cina selatan, piyambakipun nggadhahi karep supados Ma Huan saged ngabdi wonten ing nagari punika.

Ibu Ma Huan   : “Kula aturaken sembah kula kaliyan padhuka raja Yang Ong, wonten ing mriki, kula badhe sowan kaliyan Raja supados saged nampi putra kula Ma Huan ngabdi wonten ing nagari punika.”
Raja Yang Ong            : “Sapa anakmu? Lan duwe kewasisan apa?”
Ma Huan         : “Kula Ma Huan Raja, kula anggadhahi kepinteran wonten ing babagan basa. Kula kepengin sanget ngabdi wonten ing nagari punika supados saged mbela nagari Cina Selatan.”
Raja Yang Ong            : “Ya ngger, Yen awakmu pancen kepengin ngabdi ana ing kene, kowe dak trima dadi sekretaris nagari.”
Ma Huan         : “Maturnuwun sanget padhuka raja, kula saestu badhe ngabdi wonten ing mriki.”
Raja Yang Ong            : “Iya, muga-muga kowe bisa ngemban apa sing mengkone bakal dak utusake kanggo kowe.”

Sasampunipun ageng, Ma Huan ngabdi kaliyan Maharaja Yang Ong. Ma Huan wasis ing bidang bahasa, dheweke nguwasani pinten-pinten bahasa kalebu Bahasa Cina temtunipun. Wonten ing kraton Ma Huan dados juru bahasa lan sekretaris. Ma Huan menika makarya kaliyan Laksamana Cheng Ho.
Wonten ing satunggaling dinten, Laksamana Cheng Ho dipuntimbali kaliyan Maharaja Yang Ong.

Maharaja        : “Laksamana Cheng Ho, ngerti ora apa panyebabe sampean tak dhawihu mrene?”
Laksamana      : “Agunging pangarsani Ingkang Mulia. Kula boten mangertos saestu, kula boten mangertos maksud panjenengan Ingkang Mulia.” (wangsulanipun Laksamana Cheng Ho kanthi swara gemeter)
Maharaja        : “Perlu sampeyan ngerteni yen cap ‘Giok Mi Touw’ sing dadi pusakaku ilang.”
Laksaman        : “Maksudipun Ingkang Mulia, dipuncolong tiyang sanes?” pitakenanipun Laksamana Cheng Ho boten sareh.
Maharaja        : “Ya bener, dicolong wong.”
Laksamana      : “Ingkang Mulia mangertos sinten tiyang menika?”
Maharaja        : “Miturut katrangan juru nasehat kraton sing jupuk cap ‘Giok Mi Tiouw’ yaiku Raja Gajah Putih saka kidul.”
Laksamana      : “Lajeng menapa ingkang kedhah kula lampahi, Ingkang Mulia?”
Maharaja        : “Golekana cap ‘Giok Mi Touw’ iku nganti ketemu.
Laksamana      : “Inggih Ingkang Mulia, badhe kula lampahi kanti sesae-saenipun.”
Maharaja        : “Iya maturnuwun, Ngajaka Ma Huan kanggo ngancani anggonmu perang.”
Laksamana Cheng Ho kaliyan bregodonipun lajeng budhal perang. Piyambakipun nggawa prajurit 27.800 lan 62 kapal. Seminggu suwene nglawan gansipun lautan Hindia, Laksamana Cheng Ho lan bregodonipun sampun dugi wonten kratonipun Raja gajah Putih . Ananging Raja Gajah Putih sampun mangertos menapa maksud Laksamana Cheng Ho, katingal saking persiapanipun Raja Gajah Putih ingkang sedaya prajuritipun bekta senjata ingkang jangkep ngentosi kerawuhanipun Laksamana Cheng Ho.

R. Gajah Putih : “Heee, Laksamana Cheng Ho ana apa kowe mrene?”
Laksamana      : “Apa panjenengan ora ngerti apa maksudku teka mrene?”
R. Gajah Putih : “Apa kowe meh jupuk maneh pusakamu cap ‘Giok Mi Touw’ rajamu kuwi?”
Laksamana      : “Ya, pancen iku tujuanku lan bregadaku mrene!!”
R. Gajah Putih : “Ora isa, apa kowe ora ndeleng kabeh prajurutku wis gawa senjata kabeh?”
Laksamana      : “aku ngerti, tapi apa panjalukmu supaya cap ‘Giok Mi Touw’ bisa tak gawa nyang kraton Maharaja Hyang Ong.”
Ing satengahing pacelathon kala wau, Ma Huan anggadhahi ide supados Cap Giok Mi Touw saged dibekta wangsul maleh,
Ma Huan         : “Laksamana, Kula anggadhahi panggalih kados pundi cap Giok saged kita bekta malih.”
Laksamana      : “kepriya carane Ma Huan??” pitakenanipun Laksamana Cheng Ho.
Ma Huan         : “Kula badhe adu diplomasi ngangge bahasa supados perang menika boten nginakaken senjata setunggal mawon.”
Laksaman        : “Apa kowe yakin Ma Huan?”
Ma Huan         : “Inggih Laksamana, menapa angsal lan menapa panjenengan sarujuk kaliyan rencana kula?”
Laksamana      : “Ya, aku percaya kowe. Bajutna perang iki Ma Huan!!”
Lajeng Ma Huan mengajeng ngadepi Raja Gajah Putih lan bregdanipun.
Ma Huan         : “Duhai Raja Gajah Putih ingkang kula kurmati, menapa panjenengan sampun ngraos kiat menawi sampun anggadhahi Cap Giok Mi Tiou ngginakaken cara ingkang boten terhormat manika?”
R. Gajah Putih : “Heeeeehh, bocah bayi? Sapa kowe wani-wanine ngomong kaya ngunu?”
Ma Huan         : “Raja Gajah putih menpa panjenengan ngertos sinten panguwasa ing negri menika? Namung wonten Allah ingkang nguwasani”
R. Gajah Putih : “Ya ngerti, apa urusane cap giok mi tiow iki karo panguwasa negri?”
Ma Huan         : “Lajeng menapa ancasipun panjenengan mundhut Cap Giok Menika Raja Gajah Putih?”
R. Gajah Putih : “Aku pengen kratonmu pecah belah, ben mung kratonku sing ngadek ing negri iki!”
Ma Huan         : “Allah maha adil Raja Gajah Putih, menapa ingkang menapa lampahi saged dipunwales ngluwihi menapa ingkang penjenengan lampahi, menapa penjenengan kepengin kraton penjengan brubah? Menawi boten wangsulaken Cap Giok Supados Allah tetep njagi kraton penjenengan kados panjenengan njagi Cap Giok menika?”
R. Gajah Putih mendel, panjenengane amikr-mikir menapa ingkang dipunaturaken Ma Huan kaliyan piyambiakipun panci leres.

R. Gajah Putih : “inggih Laksamana Cap Giokmu iki tak balekake nyang kratonmu, aku ora pengen kratonku brubah!!”
Laksaman        : “Inggih Raja Gajah Putih Cap Giok Menika kula pundhut lan kula bekta wangsul malih! Kula pamit .”

Banjur Laksamana Cheng Ho lan bregadanipun Kondur menyang kratonipun ing Cina selatan. Ananging ing satengahing lautan Hindia kapal ingkan dipuntumpani katerak dening ombak. Laksamana Cheng Ho, Ma Huan lan bregadanipun boten saged wangsul, terdampar ing satunggaling pulau Jawa tepatipun wonten ing Semarang.

Ma Huan         : “kadospundi menika Laksamana?” kita boten saged wangsul, perahu risak boten saged kita ginakaken malih.”
Laksamana      : “Iya Ma Huan, aku dhewe ya bingung!”
Nahkoda          : “Tuan, kula nyuwun pangapura ing sakathah-kathahipun, amargi kula      boten sged bekta kapal menika kanthi sae.”
Laksamana      : “ora dadi ngapa, kowe wes hlakokake gawean kanthi saapik-apikmu. Pancen iki wis takdira kaya ngene. Aku ora nyalahke kowe nahkoda.”
Nahkoda          : “Inggih Laksamana, ngapuntenipun lan matursuwun.”
Ma Huan         : “Laksamana, kula badhe mbangun mushola menapa angsal?”
Laksamana      : “Apa kuwi mushola Ma Huan?”
Ma Huan         : “Menika papan kangge istirahat lan kangge shalat kula Laksamana.
Laksamana      : “Ya Ma Huan, gawenen sing gedhe supaya kabeh isa leren nyang kana!” Hhe, Nahkoda lan sak bregadaku ewangana Ma Huan mbangun mushola! “
M lan N           : “ Inggih Laksamana.” Wangsulanipun Ma Huan lan Nahkoda sesarengan.

Ma Huan, Nahkoda lan bregada banjur mbangun masjid kangge papan istirahat nanging Ingkang sakmenika dados klenteng Gedung Batu utawi sam poo kong kangge sembahyang tiyang Cina amargi bangunanipun mushola kalawau bentukipun kados kelenteng. 




Gladhen soal kelas VIII

UJI KOMPETENSI SEKOLAH MENENGAH PERTAMA
TAHUN PELAJARAN  2013/2014

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa                                                 No. Absen       :
Kelas                           : VIII                                                   Hari/Tanggal   :
Nama                           :                                                           Waktu             :
 


PETUNJUK UMUM:
1.      Tulislah nama dan nomor tes pada lembar jawaban!
2.      Bacalah dengan teliti dan kerjakan semua soal pada lembar jawaban!
3.      Kerjakan lebih dahulu soal-soal dianggap mudah!
Wangsulana kanthi leres pitakonan-pitakonan ing ngandhap menika kanthi nyukani tandha ping (X) ing  aksara a,b,c, utawa d!
1.      Waosan kangge pitakenan nomor 1-3

Legenda Sam Poo kong
Udakara 700 abad kepungkur wonten tiyang ingkang nganut agami islam namanipun Sam poo Thay Kam. Panjenenganipun wasis ing bidang basa lan agama. Sam poo thay kam menika salah satunggaling prajurit kerajaan kang dipunangkat kaliyan Raja Yang Ong dados salah satunggaling Raja ingkang pikantuk gelar Laksamana Cheng Ho. Laksamana Cheng Ho dipunangkat amarga panjenengane bisa nglawan Raja Gajah Putih ingkang kepingin anduweni Cap Giok Mi Touw kagungane Kerajaan Beijing Cina Selatan.
Nalikane bubar  nglawan Raja Gajah putih ingkang nyolong Cap Giok Mi Touw,  kapal kang dipuntitih Laksamana Cheng Ho lan bregadanipun risak ing pelabuhan mangkang Semarang. Salah satunggaling prajurit mbangun papan kangge ngaso. Saking wujudipun papan kalawu kados klentheng mula dipunginakake tiyang Cina ngibadah ngantos sakmenika. Klentheng kala wau dipunwastani Sam Poo Kong saking  Sam Poo Thay Kam nama alitipun Laksamana Cheng Ho.
1.      Ukara ing ngandap ingkang jumbuh kaliyan waosan ing nginggil inggih menika ....
a.       Rajah Gajah Putih nglawan Laksamana Cheng Ho
b.      Cap Giok Mi touw gadhahanipun Rajah Gajah Putih
c.       Sam Poo Thay Kam menika nama aslunipun Raja Gajah Putih
d.      Raja Gajah Putih menika prajuritipun Laksamana Cheng Ho

2.      Sam Poo Thay Kam menika nama aslinipun.....
a.       Raja Gajah Putih
b.      Raja Kerajaan Beijing Cina
c.       Laksamana Cheng Ho
d.      Raja Yang Ong
3.      Laksamana Cheng Ho dipunangkat dados salah satunggaling raja amargi  . . .
a.       saged nglawan Raja Yang Ong
b.      saged nglawan Sam Poo Thay Kam
c.       saged nglawan Cap Giok Mi Touw
d.      saged nglawan Raja Gajah Putih
LELAYU
Sampun katimbalan kanthi tentrem ing pangayupanipun Gusti :
SUWARSI
(1 Januari 1942-24 Desember 2008)

Kasarekaken ing pracimalaya, Surabaya, tanggal 25 Desember 2008.
Mugi arwahipun tinampi saha pinaringan panggenan ingkang sae, ingaksami sedaya kalepatanipun.

Ingkang nandhang sangkawa :
Sukir Guntoro
Wonosari Kidul no. 567
Surabaya
 
 








4.      Miturut pawarta ing nginggil, pinten yuswonipun ingkang seda . . .
a.       64 taun
b.      65 taun
c.       66 taun
d.      67 taun
5.      Ukara ingkah jumbuh kaliyan pawarta ing nginggil inggih menika . . .
a.       Suwarsi ingkang katimbalan ing pangayupaning Gusti
b.      Sukir Guntoro ingkang katimbalan pangayupaning Gusti
c.       Suwarsi ingkang nandhang sangkawa
d.      Suwarsi lan sukir Guntoro ingkang katimbalan ing pangayupaning Gusti
Kangge pitakenan nomor 24-26
Asmaradana
Laras slendro patet sanga miring
Aja turu sore kaki
Ana Dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandhang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima
6.      Menapa guru wilangan, lan guru lagu tembang asmaradana ing nginggil . . .
a.       8i, 8a, 8e,8a,7a,8u,8a
b.      8i,8a,8e,7a,8a,8a,8a
c.       8a,8a,8e,8a,7a,8a,8u
d.      8a,8e,8i,8a,7a,8a,7a
7.      Pitutur menapa saking tembang asmaradana ing nginggil . . .
a.       Aja padha turu sore amarga ora bakal oleh sandhang pangan
b.      Aja padha turu sore amarga oleh kasabaran sandhang pangan
c.       Aja padha ngewohi kanca anggone nggolek sandhang pangan
d.      Aja padha ngewohi turu anggone golek sandhang pangan

8.      (1) Ani kesah sekolah jam 7 esuk
(2) Ibu Lurah  Tindak Peken
(3) Bapak kaliyan Adi nitih kereta
(4) Bapak kaliyan Ibu nitih kereta
Ukara ing nginggil menika, ingkang leres inggih menika . . . .
a.       (1), (2), (3)
b.      (2), (3), (4)
c.       (1), (2), (4)
d.      (1), (3), (4)
Pacelathon  kangge soal nomer 9
Rini               : “Bu kangkung setunggal unting pintenan nggih bu?”
Bu Tuti          : “kangkunge sakunting sewu limang atus Mb Rini.”
Rini               : “….....................?” (9)
Bu Tuti          : “Bayeme luwih larang mb, sakuntinge rong ewu.”
Rini               : “Wah, la sakniki sampun mundak sedaya nggih bu, boten wonten ingkang mirah nggih bu, badhe blanja mawon kok bingung.
Bu Tuti          : “Nggih mb, lha saking Bu Nur kulakane ya semana kok mb. La siose ngersake napa mb?”
Rini               : “Bayem mawon bu kaliyan tempe setunggal, wau sampun diaturi kaliyan Bu Ajeng masak bayem kemawon kok bu.”
Bu Tuti          : “yawis mb iki, dadine patang ewu mb.”akenan
9.      Ukara panyaruwenipun Rini ingkang leres miturut waosan ing nginggil inggih menika . . . .
a.       “Bayeme pinten Bu?”
b.      “Bayemipun pinten Bu?”
c.       “Bayemipun pira Bu?”
d.      “Bayemipun pira Bu?”


Cupu Manik Asthagina
Nalika Dewi Anjani dipunparingi pusaka cupu manik astagina dening ibunipun, Raden Guwarsa kaliyan Guwarsi (rayinipun) mirsani pusaka kasebut. Kahanan menika ndadosaken Guwarsa lan Guwarsi meri dhateng mbakyunipun. Lajeng ramanipun dipuntundhung minangka tiyang sepuh ingkang emban cinde emban ciladhan. Tegesipun minangka tiyang sepuh ingkang boten adhil dhateng putra-putranipun. Senajan ramanipun sampun ndhawuhi supados pusaka  menika dipunsirnakaken, nanging Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi kukuh kepingin kagungan pusaka menika. Amargi boten mirengaken dhawuhipun kang rama, wekasanipun Dewi Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi dados manungsa kang sirahipun awujud kethek.
10.  Ukara ing ngandap menika ingkang jumbuh kaliyan waosan ing nginggil inggih menika . . .
a.       Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi menika kakang adhi
b.      Dewi Anjani menika ibune Guwarsa lan Guwarsi
c.       Guwarsa lan Guwarsi tiyang sepuhipun Anjani
d.      Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi boten gadhah tiyang sepuh

11.  Guwarsa lan Guwarsi meri dhateng Dewi Anjani, amargi ...
a.       Rupanipun dados kethek
b.      Boten dipunparingi pusaka dening tiyang sepuhipun
c.       Boten adhil marang rayi-rayinipun
d.      Boten pikantuk ningali pusakanipun
12.  Saking waosan ing nginggil, saged dipun-mangertosi menawi...
a.       Putra ingkang boten manut marang tiyang sepuh bakal cilaka
b.      Putra ingkang manut marang tiyang sepuh bakal cilaka
c.       Tiyang sepuh kedah ndukani marang putranipun
d.      Putra kedah wantun kaliyan tiyang sepuh ingkang boten adhil

13.  Eyang        : “wis mangan durung Ru??”
Rudi          : “Sampun eyang,  . . . . . . . . . . . . . .  . . . . . . . .?”
Jangkepane wangsulane Rudi inggih menika . . .
a.       eyang piyambak sampun nedha dereng?
b.      eyang piyambak sampun maem dereng?
c.       eyang piyambak sampun dahar dereng?
d.      eyang piyambak sampun mangan dereng?

14.  ꧎ꦑꦊꦄꦿ . . . . . .ꦄꦺꦁꦽꦚꦻ ꧌
Tembung kang jumbuh kangge ngisi cecek ing nginggil inggih menika . ...
a.       ꦆꦶꦁꦙꦄꦿ
b.      ꦺꦄꦇꦾ
c.       ꦉꦸꦎ
d.      ꦑꦸꦋꦉꦿ

15.  Pak Harto tindak menyang Solo.
Menawi katulis ngangge aksara Jawa dados . . .
a.       ꧎ꦊꦄꦔꦽꦺꦆꦻꦆꦶꦁꦙꦄꦣꦷꦎꦼꦺꦇꦻꦺꦉꦻ꧌
b.      ꧎ꦊꦄꦔꦺꦃꦚꦻꦆꦶꦁꦙꦄꦣꦷꦎꦼꦺꦇꦻꦺꦉꦻ꧌
c.       ꧎ꦊꦄꦀꦽꦺꦆꦻꦺꦏꦻꦆꦶꦁꦙꦄꦺꦇꦻꦺꦉꦻ꧌
d.      ꧎ꦊꦄꦔꦽꦆꦆꦶꦁꦙꦄꦏꦣꦷꦎꦼꦺꦇꦻꦺꦉꦻ꧌
16.        Ibu       : “Nduk, gelem nukoake beras?”
Ulfa     : “Inggih Bu, . . . .(1).tumbasipun wonten pundi Bu?”
Ibu       : “Ning warunge Bu siti ya.”
Ulfa     : “Badhe tumbas. . . . (2) Bu?”
Ibu       : “Sekilo wae ya nduk.”
Tembung ingkang jumbuh kanggenjangkepi ukara pacelathon ing nginggil inggih menika . . .
a.       gelem, piro
b.      purun, pinten
c.       gelem, pinten
d.      purun, piro
17.   Pak  Joko tuku obat kanggo anakke sing lagi lara.
Tembung ingkang kacithak miring ing nginggil menika lepat, supados dados ukara ingkang trep ingkang leres inggih menika . . .
a.       Nuku
b.      Ditukokake
c.       Nukokake
d.      Daktukokake



18.  Sanding Kebo gupak
Panyeratan ingkang leres paribasan ing dhuwr inggih menika . . . .
a.       sandhing kebo gupak
b.      sanding kebo gupak
c.       sandhing kebo gupag
d.      sanding kebo gupag
19.   
Wara-Wara
Katur dhumateng bapak-bapak warga Dusun Rawawetan. Kasuwun mangke tabuh 08.00 kempal wonten ing plataran pendhapa. Saperlu kerja bakti nyamektakaken papan kagem adicara wayang kulit. Amargi adicara wayang kulit badhe dipunwontenaken mangke ndalu tabuh 21.00.
Mekaten pengumuman menika. Mugi ndadosaken kawigatosanipun, matur nuwun.

Wosipun pengumuman kalawau inggih menika … .
a.       kerja bakti nyamektakaken papan pagelaran wayang kulit
b.      kempalan wonten ing plataran pendhapa
c.       kempalan nyamektakaken papan pagelaran wayang kulit
d.      kerja bakti lan kempalan wonten ing pendhapa

20.  Dinten senin, pak joko kesah dhateng kelurahan Kadempel kangge ngurusi akta kelahiran putranipun Abdul Khalim.
Miturut EYD, panyeratan ingkang leres ukara ing nginggil inggih menika . . . .
a.       Dinten Senin, Pak Joko kesah dhateng kelurahan kadempel kangge ngurusi akta kelahiran putranipun Abdul Khalim.
b.      Dinten Senin, Pak Joko kesah dhateng Kelurahan Kadempel kangge ngurusi akta kelahiran putranipun Abdul Khalim.
c.       Dinten senin, Pak Joko kesah dhateng Kelurahan Kadempel kangge ngurusi akta kelahiran putranipun Abdul Khalim.
d.      Dinten Senin, Pak Joko kesah dhateng Kelurahan kadempel kangge ngurusi akta kelahiran putranipun Abdul Khalim.

Arep Jamure Emoh Watange
Adi kepengen biji ulangan nasionale apik, nanging dheweke wegah sinau. Nalika kanca-kancane padha sinau dheweke ora tau sinau namung njagake kunci jawaban. Ing wayahe Ujian jebul apa sing karepke Adi kelakon, dheweke oleh kunci jawaban. Dheweke gancar anggone nggarap Ujian, tanpa mikir dhewe sawetara kuwi kanca-kancane  padha nggarap dhewe lan kangelan  mikir. Ing dina pengumuman Adi kendel banget, dheweke  dheweke mesthi lulus.  Nanging kanyatane ora padha karo apa kang dipikirke Adi, jebul dheweke ora lulus merga kunci jawaban sing dijagake Adi salah. Ing perkara mau Adi kaya paribasan Arep jamur emoh watange.

21.  Saka wacan ing dhuwur, arane paribasan arep jamur emoh watange yaiku . . . .
a.       Gelem penake ora gelem rekasane
b.      Gelem penake iya  gelem rekasane
c.       Senengane nyusahake wong liya
d.      Ora seneng nyusahake wong liya

22.  Bapak badhe nyuwun tulung kaliyan Adi, supados mendhetaken gambar wayang ing meja. Ukara kang leres kangge njangkepi pacelathon miturut ing ngandap inggih menika.

Bapak        : “.......... .”
Adi            : “Inggih pak.”
a.       “Di, bapak nyuwun tulung pendhetaken gambar wayang ing meja menika nang!”
b.      “Di, bapak nyuwun tulung pundhutaken gambar wayang ing meja menika nang.”
c.       “Di, bapak nyuwun tulung jupakake gambar wayang ing meja menika nang.”
d.      “DI, bapak nyuwun tulung jupukake gambar wayang ing meja menika nang!”

23.  Bukunipun sampun kula ...... wonten mejanipun Bapak Hardyanto.
Wangsulana ceceg-ceceg ing dhuwur kanthi basa ingkang treb miturut unggah-ungguh basa!
a.       Paringaken
b.      Kempalaken
c.       Sukakaken
d.      Selehaken
24.  Bapak dhahar bakso, dene adik............mie ayam. Sakmenika bapak kaliyan adik wonten warungipun Pak Kumis.
Tembung kang treb kanggo  ukara ing dhuwur yaiku..
a.       Dhahar
b.      Ngunjuk
c.       Maem
d.      Mangan
25.  Pitikke-dipateni-dening-Banu-lan-Bapak-supaya ora nulari-pitik-liyane
Miturut tembung-tembung ing nginggil, ukara ing ngandhap menika leres, kajaba...
a.       Pitikke dening bapak lan banu dipateni supaya ora nulari putik liyane
b.      Pitikke supaya ora nulari pitik liyane dipateni dening Banu lan Bapak
c.       Pitikke dipateni dening Banu lan Bapak supaya ora nulari pitik liyane

d.      Pitikke Banu lan Bapak dipateni dening supaya ora nulari pitik liyane